Minggu, 11 Januari 2015

NULIS NASKAH DRAMA / SANDIWARA

Panulisane naskah scenario drama nduweni urut-urutan kaya ing ngisor iki :
1.      Nyiptakake Setting / Latar
Setting / Latar ana sadhuwure panggung nemtokake kasi lan orane pementasan sawijining drama/ sandiwara.
Carane nulis setting :
·         Nganakake pengamatan ana sajroning kahanan/wilayah kang dikarepake
·         Cathet babagan-babagan kang penting yen umpamane didadekake anan sajroning panggung.
·         Tulisen setting kanthi komplit anan buku/kertas sajroning kira-kira 15 menit
·         Wacanen ana ing ngarep kelas
2.      Eksplorasi
Eksplorasi tegese njajah desa / kutha milangkori ana sadhengah papan panggonan. Ora mung sing rame, nanging uga ana papan sing sepi, nduweni suasana pribadi. Sabanjure konsentrasi ana ing latar fisikal/lingkungan sing nyata, pawongan lan sapari polahe kudu diematake kanthi permati.
3.      Nyiptakake Paraga
Deskripsi paraga utama ana sajroning drama biyasane tinulis kaya deskripsi latar.
4.      Para Paraga Kang Rinipta Padha Ngomong : monolog
Paraga kang wis rinipta utamane paraga kang cacahe loro padha sesambungan antagonistic, kaya-kaya memungshan. Paraga kasebut bisa dijupuk saka inventarisasi nalikaning latihan nyipta paraga. Sawise monolog mau ditulis/diketik, coba pilinen kanca tunggal elompok kango macakake monolog mau. Kanca liyane ngrungokake utawa dadi penonton.
5.      Dadekake Kabeh elemen (1-4) dadi scenario dhasar. Carane nulis scenario dhasar :
·         Nyusun adhegan
·         Tulisen deskripsi naratif sing isine sadhengah kedadeyan ana adhegan kang isine kabeh elemen drama. Saengga katon cetha wela-wela menawa diwaca/dipentaske
·         Adhegan maka adhegan diwangun

·         Kanthi dhasar draft kasar sing wis digawe tulisen adhegan-adhegan sing isine konflik ngasi tumekaning klimaks.

MICARA ING FORUM RESMI

A.    SEMINAR
Seminar kalebu jenising diskusi kelompok sing dieloni para ahli lan dipimpin sawijining pemandu kanggo nggoleki paugeran lan ngrampungake masalah tertemtu. Miturut etimologis/ asal-usul tembung seminar nduweni teges panggonan winih-winih kebijakan sing di ngrembakake.
Hasil penelitian sing arep diwedharake para pembicara utawa penyanggah ana sajroning seminar luwih becik yen tinulis ana sajroning kertas utawa makalah. Menawa gunggunge pembicara luwih saka siji, bisa dianakake pembagian kelompok sing wis ditemtokake  karo panitia jumbuh kalawan makalah sing arep dibahas.
B.     TATA CARA SEMINAR
1.      Pemandu mbukak seminar, macakake tata tertib, lan nepungake pembicara (lan penyanggah utama / pembanding yen ana)
2.      Pembocara medharake gagasan lan wawasa tumraping masalah sing wis ditemtokake.
3.      Pembicara kapindo diwenenhi kalodhangan kanggo medharake gagasan lan wawasane.
4.      Pembicara ketelu uga diwenehi kalodhangan kanggo medharake gagasan lan wawasane.
5.      Menawa ana penyanggah utama / pembanding, diwenehi kalodhangan kanggo medharake sanggahane/bandhingane
6.      Peserta seminar diwenenh kalodhangan kanggo menehi panyaruwe
7.      Digawe kelompok-kelompok kanggo mbahas saben makalah lan hasile dirumusake dening tim perumus (yen ana)
8.      Pemandu mungkasi lan nutup seminar
C.     BEDANE SEMINAR KARO SIMPOSIUM
1.      Pemandu mbukak symposium, medharake symposium secara umum, macakake tata tertib, lan nepungake pembicara (lan penyanggah utama / pembanding yen ana)
2.      Pembicara kapisan  medharake gagasan sing diajukake
3.      Pembicara kapindo diwenenhi kalodhangan kanggo medharake -gagasane
4.      Pembicara ketelu uga diwenehi kalodhangan kanggo mbahas masalah jumbuh karo keahliane.
5.      Menawa ana penyanggah utama / pembanding, diwenehi kalodhangan kanggo medharake sanggahane/tandhingane. Penyanggah utama/pembanding iki bisa kanggo siji masalah , bisa uga saben-saben pembicara (biasane ana wangsulan saka sanggahan)
6.      Peserta seminar diwenenh kalodhangan kanggo menehi pitakon utawa sanggahane. Pemandu nduweni peran kanggo dadi coordinator pembicaraan, para pembicara nanggepi masalah sing diwedharake peserta simposium
7.      Anane kemungkinan pandhangan umum
8.      Pemandu ngrumusake lan nutup symposium.

D.    CIRI-CIRI PEMBICARA SING MUMPUNI
·         Pinter nemtokake topic / tema kanthi trep
·         Nguwasani materi
·         Mudheng hkalayak sing diadhepi
·         Mudheng situasi
·         Ngrumusake tujuan kanthi trep
·         Nduweni kepinteran linguistic sing maremake
·         Njalin kontak klawan khalayak
·         Bisa nguwasani peserta
·         Manfaatake alat bantu (yen ana)
·         Penampilane yakinake

·         Nduweni gagasan/rencana 

CERITA WAYANG MAHABHARATA

BAYI ABIMANYU

            Kekasihe Bambang Abimanyu ya Jaka Kalasan. Atmajane satriya Madukara Raden Janaka kang patutan karo Dewi Wara Sumbadra ya Dewi Rara Ireng. Mulane kekasihe abimanyu jalaran pinundhut putra dening Raden Arya Bhima (mung diaku). Dene kekasihe Jaka angalasan jalaran putra satriya nanging laire neng tengah alas gung liwang-liwung. Dene critane mangkene : Manut buku kagungan dalem ing Prawiranegara Mangkubumen Ngayogyakarta, nalika Dewi Wara Sumbadra wayah tingkeban, nedya agrawuhake para kadang NAta lan Satriya, mula Patih Surata ingkang kadhawuhan mangkat, dene Raden Arjuna nuli mapan sare karo Dewi Wara Sumbadra.
            Ambarengi lakon mau, ing satengahing alasDhandhaka ana Raseksa lan Raseksi alas an, sing wadon pamitan sing lanang ngupadi memangsan, sing lanang ditinggal. Raseksi mau sekti tur bisa mabur, bareng ngunguli sandhuwuring kasatriyan Madukara nuli niyub lan banjur lumebu ing patengganing kang lagi nendra. Raseksi gandrung marang baguse Raden Arjuna, Dewi Wara Sumbadra nuli kacidra winadhahan ing kendhaga banjur digawa menyang Madukara nuli memba warna Dewi Wara Sumbadra laju nusul nggone sare Raden Arjuna.
            Kacarita Raseksa kang pinasrahan kendhaga dening sing wadon, nuli tumandhang mbukak kendhaga jebul isi putri ayu. Ngira yen diajangi sing wadon supaya gelem wayuh karo putrid ayu. Dewi Wara Sumbadra girap-girap weruh Raseksa arep mondhong awake. Sumbadra lumaris, nanging tinutuhan. Dewi Wara Sumbadra nyemplung jurang. Ora adhoh saka kono ana padhepokaning pandhita mertapa ing pretapan Jatisari jejuluk Begawan Jayawilasa. Kagyat sang mahayogi dene ana angin lesus. Bareng wis mendha  sang Begawan niti priksa papan sacedhake kono. Priksa putri ayu ning jero jurang nui dicedhaki, Sang Putri arsa babaran, gya tinulungan, bayine miyos kakung pekik warnane, ari-arine pinuja uga dadi satriya. Jabang bayine sang putrid pinaringan asma Jaka Pangalasan, dene kang dumadi saka ari-ari diparingi asma Aribawa. Bayi diasta kundur menyang Jatisari, den dus banyu gege walagang gelis gedhe katon jatmika merak ati. Bocah sakarone rukun teruntungan.
            Jaka Pangalesan pinaringan klangenan pitik jago dijenengake Bedhil, nuli nyuwun pamit bakal adu jago. Kawuwusa aneng kasatriyan Madukara Dewi Wara Sumbadra gadungan uga wis babaran mijil kakung, nanging pasuryane raseksa, diparingi asma Bambang Sembotho utawa Sengotho. Sing kautus momong Semar sapranakane. Para Punakawan dhewe ya gumun, geneya Raden Janaka iku bagus tanpa cacad jebul peputra raseksa. Bambang Sembotho kuwi uga nakal lan rewel, banjur kepengin dolan menyang alas. Ing wana ketemu Jaka Pangalasan karo Aribawa kang nggawa si jago Bedhil golek mungsuh. Bambang Sembotho uga duwe jago aran Mimis., ngajak totohan.  Yen Jaka Pangalasan jagone kalah dikethok gulune, nanging yen Bamabng Sembotho jagone sing kalah mung diwenehi jaran tumpakane.
            Jago nuli diedu, wusana jagone Bambang Sembotho ditladung si Bedhil mati kapisanan. Jarane dijalok ning ora oleh, njur perang karo Jaka Pangalasan. Bamabang Sembotho kalah nagis wadul Raden Janaka. Raden Arjuna muntab sigra nglinga pusaka, nedya mateni. Bocah loro mau mlayu mulih menyang Jatisari. Raden Janaka nututi. Bareng tekan Jatisari, Jaka Pangalasan lan Aribawa madul marang eyang Begawan Jayawilasa lan Dewi Wara Sumbadra yen dioyak satriya nggawa keris. Bareng Raden Arjuna tekan Jatisari, priksa Dewi Wara Sumbadra ana kono, sang Begawan Jayawilsa nuli matur purwa madya wasana. Saiki Sang Arjuna priksa yen kang ana ing Madukara kuwi palsu, mula dewi wara Sumbadra , Jaka Pangalasan lan Aribawa dibi=oyong menyang Madukara. Jroning Raden Arjuna mbujung Jaka Pangalasan, Raden Gathutkaca kang neggani Kasatriyan MAndukara. Rawuhe ingkang paman sagarwa putra nulya njateni kabeh sandining lakon. Jaka Pangalasan lan Aribawa kadhawuhan mrajaya Sumbadra kang ana ing ndalem pengkeran.
            Wara Sumbadra tiron ketaman pusakane Jaka Pangalasan badhar dadi Raseksi terus kaperjaya dening Raden Gathutkaca. Bambang Sembotho prang lan Aribawa cinakot Aribawa mati. Bambang Sembotho. Tamat mendhung peteng kang ngendhu ing Kasatriyan Madukara. Dene anggone kekasih Raden Abimanyu mau awit nalika Wara Sembadra babaran nyuwun ditulungi Bhima ingkang nalika semana mentas kondur mertapa, lan wis antuk wahyu Widayat serta wahyu Maninten. Mula bareng jabang bayi wus lair pinangku dening Sang Bhima. Wahyu Widayat manjing ana ing anggane jabang bayi, lan banjur akekasih Abimanyu.
            Rehning tirta susune Wara Sumbadra durung mijil, saka eguh pratikele Sri Kresna, sang Bhima kadhawuhan anesepi. Wantuning satriya kekasihing Bathara, sakala payudarane Raden Bhima modod telung jempol, mijil banyu susu, sinesep dening sang bayi Abimanyu ndadekake seger lan walagang gelis gedhe glewo sarta sinung kasekten saka dayane : Wahyu Widayat. Dene Wahyu Maninten tiba ing Negara Wiratha, ya wahyu loro mau kang ing nembe bangkit nyambung dharah ratu ing Negara Ngastina sak jajahane, bisa kawengku bali ing asthane dharah Pandhawa. Suka panggalihe satriya Pandhawa, dene rampung ing parcoban, genti ngundhuh nugraha agung.

PS-26/2006     

Senin, 05 Januari 2015

DEWA RUCI

Madeg kraton Astinapura, Prabu Dhestarata kaadep dening putra mbarepe. Surasane rembugan ana gandheng cenenge karo paprentahan Astina ing tembe mburine ngengeti para Pandhawawis wiwit dewasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan bakal winisuda dadi Ratu Anom ing Astina sawetara Haryo Suman mbudidaya mbujuk Dhestarata upaya hak tumrap keprabin lan kraton Astins tetep dadi duwekke kurawa.
            Sabanjure Duryudana, Dursasana lan sang paman Haryo Suman ngananakake sapatemon, njaluk pambiyantu Resi Durna kanggo nyingkirake Bima. Ing sakawit Resi Durna kabotan nanging nalika diundhamana dununge Resi Durna ing Astina kng ora ucul saka lelabuhane lan lomane Prabu Dhestarata. Kasarung saka utang budi tundhone saguh mujudi panjaluke Duryudana.
            Resi Durna banjur nyeluk Bima, kanthi alesan ngluhurake asmane Pandhawa, diutus golek banyu Tirtaprawita menyang gunung Candradimuka. Bima sanggu lan enggal budhal. Ing pinggire Gunung Candradimuka Bima ngamuk nganti diparani buta 2 yaiku Rukmaka lan Rukmakala kang nglarang Bima ngrusak tatanan ing kono, sidane geseh panemu banjur dadi bandayuda. Saking ampuhe Pancanaka Bima kasil mateni buta maul an badhar dadi Bethara Indra lan Bethara Bayu. Ing kono Bima diterangake lamun Tirtaprawita ora ana ing Gunung Candradimuka lan Bima didhawuhi bali ngadhep Resi Durna njaluk katrangan kang cetha dununge Tirtaprawita.

            Bali ing pertapan sokalima, Resi Durna nampa tekane Bima, Bim ngandharaken kabeh crita saka Bethara Indra lan Bethara Bayu,. Resi Durna banjur kanda yen mau kanggo nguji kasabarane Bima, amarga Bima pancen santosa lan kuwat kekarepane, mula saiki dhewekke muduhake panggonan mapane Tirtaprawita yaiku ana ing dhasare Samodra. 

TEMBANG CAMPURSARI

Campursari kelebu salah sawijining jinis tembang gagrak anyar. Dene tembang kang kelebu lawas  yaiku gendhing. Ana maneh sing kelebu langgam. Langgam iki iramane kalebu rada anyar uga, amarga pirantinr ora mung gamelan wae.
1.      GENDHING
Gendhing iku alus banget sastrane lan anggone nata laras gamelane. Iringane musike mligi nganggo piranthi gamelan. Cakepane kalamangsane nganggo tembung-tembung kang angel ditampa kanthi lugas amarga dijumbuhake karo paugeran (guru lagu, guru gatra, guru wilangan). Apa maneh yen gendhing mau pinilih cakepane tembang, embuh kuwi embang cilik, gedhe utawa tengahan.
            Tuladha : 
Asmaradana
Anjasmara ari mami
Mas mirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Pang tandhing Wuru Bisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra
2.      LANGGAM
Langgam iki luwih anyar tinimbang gendhing. Garapane rada sigrak menawa kebanding gendhing. Langgam iku lelagon kang garapane iramane alus. Iringane music bisa piranti musik kroncong, organ, uga bisa nagnngo gamelan. Cakepan diracik kanthi alus mawa teges lan kaendahane tembung.
            Tuladha :
Ngidhamsari (Manthous)
Umpama sliramu sekar melati
Aku kumbang ngidhamsari
Umpama sliramu margi wong manis
Aku kang bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil neng netra rinasa
Kerasa rasaning ndriya
Midera sajagad raya
Kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise adhuh
Dadi ati selawase
Nalika nira ing ndalu atiku
Lam-lamen wong ayu
Nganti mati ora lali
Lha kae lintange mlaku
Lelagon Ngidhamsari miturut bocah saiki kalebu tembang campursari ananging sayektine kalebu langgam. Ukara-ukara kang dipilih ngemu surasa kang endah lan merah ati. Cakepane memuja marang geganthilaning ati yaiku kekasih kang ora bisa ketandhingake marang apa lan sapa wae. Tansah kumanthil ing netra, katon-katone wong ayu ana ngendi papan lan wektu.
3.      CAMPURSARI
Campursari kuwi lelagon kang piranti musike campuran antrane gamelan lan piranti music modern. Umpamane saron, kendhang , gitar, suling, lsp. Dene cakepane uga campuran nangin basane lugas, ana ndhangdhut, kroncong, langgam, pop, utawa jaipong. Dadi sing mbedakake campursari kalawan langgam lan gendhing yaiku piranti musike lan cakepan sing digunakake.
Tuladha :
Layang Kangen
Layangmu wis tak tampa wingi kuwi
Wis tak tampa apa arepe atimu
Trenyuh ati iki maca tulisanmu
Ra krasa netes eluh ning pipiku
Umpama tanganku dadi suwiwi
Iki uga aku mesti enggal bali
Neng kepriye maneh merga kaananku
Cah ayu entenana tekaku
Ra maido sapa wong sing ora kangen
Adoh bojo pengen turu angel merem
Ra maido sapa wong sing ira trenyuh
Ra kepethuk sawetara pengen weruh
Percaya aku kuatna atimu

Cah ayu entenana tekaku

SANDIWARA/DRAMA

Waluya (2001 : 109) nyethakake maragakake sawenehing paraga ana ing sandiwara kuwi dhasare numindakake utawa maragakake lan tindak-tanduk pawongan liya. Mula saka kuwi dadi paraga ana ing sawenehing lakon sandiwara kudu migatekake babagan ing ngisor iki.
1.      Nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga (dadi actor/aktris)
2.      Maragakake kanthi wajar, ora digae-gawe
3.      Paraga kang ditindakake diselarasake klawan tipe, gaya, jiw lan ancas pementasan
4.      Paraga kang ditindakake diselarasake periode wektu lan watak.
Ing ngisor iki 7 cara kang bisa ditindakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon sandiwara.
1.      Gladen olah awak
2.      Gladden swara
3.      Gladden observasi lan imajinasi
4.      Latihan konsentrasi
5.      Latihan teknik
6.      Latihan acting
7.      Nglancarake kperigelan lan gladden.
Dene babagan kang kalebu unsure intrinsic sandiwara yaiku :
1.      Tema
2.      Underaning perkara kang arupa ide dhasar crita diarani tema. tema sing dianggo ana ing sandiwara dumadi saka bab-bab kang kerep diprangguli ana bebrayan.
3.      Paraga lan watake
4.      Alur/dalan crita

5.      Amanat

PROSA PERSUASI

Persuasi iki sawijining seni vocal kang ancas tujuwane supaya wong tumindak jumbuh karo kang dikarepake dening kang celathu ing wektu iku utawa kang arep teka. Gandheng ancas-tujuwane supaya para maos/pamireng tumindak, mula persuasi uga diarani cara kanggo mutusake. Wong kang nampa persuasi kudu percaya yen keputusane kang dipilih iku bener tanpa dipeksa.
            Dadi persuasi kuwi karangan sing mbujuk kanthi cara alus supaya wong kuwi gelem nindakake apa sing dikarepake penulis utawa wong sing celathu.
Wujude Persuasi :                                                
·         Propagandha (ngajak-ajak)
·         Iklan
·         Selebaran
·         Kampanye lisan
·         Dakwah/khotbah
Persuasi nduweni panganggep yen pamikire manungsa bisa diowahi. Persuasi miangka rekadaya bglarasake utawa ben padha sarujuk kanthi padha-padha dpercaya. Wong kang nampa persuasi rumangsa melu marem lan seneng, awit ora rumangsakepeksa anggone mutusake milih sawijining tumindak.
Ciri-cirining Persuasi :
·         Mbudidaya supaya sarujuk
·         Proses supaya wong percaya lan bisa nampa apa kang dikarepake kang nulis/celathu
·         Tansah ngendhani dredah
Pola pengembangan persuasi padha karo argumentasi yaiku kanthi rincian, tuladha, perbandhingan.
Tuladha :

Wong urip kuwi kudu seneng menehi tetulung. Dadi wong jawa kudu bisa menehi tetulung marang wong liya. Supaya oleh kanikmatan saka Gusti kang kuwasa. Lan supaya ora entuk kasengsaraan ana ing donya lan akhirat mengkone. Yen wong urip ing donya iki ora seneng tulung –tinulung marang wong liya, iku bisa dianggep wong kang ora becik, amarga tumndake kuwi. Mula mumpung isih urip ing donya iki, kudu seneng menehi tetulungan marang wong liya.