GETIRING ATI
kaanggit dening Ni'am Krisna
Rong
puluh taun anggonku napak aneng ndonya
Ana
pitakonan kang sliwer aneng pikiranku
Apa
iya bisa aku ngawujudi gegayutanku marang biyung lan ramaku?
Apa
mung bisa angen-angen kaya cebol hanggayuh lintang kang sumebar?
Samono
uga ati kang nandhang getir
Mesthi
anggegulang amrih tatag teteg yen ta nrajang prahara
Tembung
kang njedhul kenthel bisa cuwer ajer
Kanthi
alusing wicara lemes lumering sutra ngeyomi dhuhkita ing jiwangga
Dhuh
Gusti, tetegana lakunira supaya bisa nggayuh lintang kang dadi gegayutanku