DHEDHETING RATRI
kanggit dening Ni'am Krisna
Sunaring
sang surya wus angslup ing sisih kulon
Para
kadang tansah ngukukuti pagaweyane
Ngrumpaka
petenging akasa mesthi bakal mungkur
Samono
uga gumanti dening sunaring rembulan nabrak adarati
Ngupadi
lowahan niliki sang Pungguk kang tansah kangen, lara branta.
Sabanjure...
Rahina
wus manjalma, ngowahi punjering suksma
Kadya
antenging tirta ing tlaga biru
Nglurubi
sadaya sekeling driya
Karana
kangene durung kawales.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar