Tembang
inggih menika syair ingkang dilagukaken (kangge dipulagukaken).Tembang menika kapara
dados sekawan :
1. Tembang
cilik inggih menika tembang ingkang dipuntata kanthi cara enggal (dipunpirsani saking
jumlah larik suku tembung, lan vocal wonten ing tembang menika wonten ing jaman
mataraman.)
2. Tembang
gedhe inggih menika tembang ingkang dhasaripun saking jumlah larik suku tembung
lan vocal wonten pungkasan larik saking tembang-tembang
ingkang saking wonten jaman purwanipun kerajaan Surakarta.
3. Tembang
tengahan inggih menika tembang ingkang tembung-tembungipun saking basa jawi tengahan.
4. Tembang
dolanan inggih menika tembang ingkang dipundamel kangge bocah-bocah cilik lan tembungipun
gampil dipunemut-emut .
Mantra
inggih menika tetembungan utawi pangucap ingkang nggadahi kekuatan gaib lan padatanipun
saged nambani tiyang gerah utawi saged dugikaken cilaka. Tuladhanipun :
Niyat
ingsun amatek ajiku Pangimpen Asmara,
Dahnyang
gunung dahnyang segoro,
Dahnyang
langit dahnyang bumi,
Sinduka
sunkalantaka klingkang klingking guluku sada iking,
Wetengku
saciplukan woyah wayih godho ngiras,
Niat
ingsun pangirim banyu kencana suksma sejatine siKarmadi,
Ti
ilir kepasir kumbang daya awaking pangarikun suksma sejatine
Si…(nama
wong kang dituju)
Wanatuljin.
Menika
mantra tumprap tiyang jawi wonten ing jaman
rumiyin dipunpitados sagedn dadosaken tiyang ingkang dipunremeni ngimpenke salirane.
Ananging, pitados menapa mboten sedaya menika gumantung panjenengan ingkang beriman.
Tulisan kula menika dadosaken tambahan ilmu kemawon para kanca. Matur suwun..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar