Wonten tembang Pangkur ing
Serat Wedhatama menika para leluhur jawi sampun marisaken ajaran lan ugi wejangan
kagem menungsa ing jaman modern supados mboten
keblinger kaliyan gumebyaring alam donya menika. Serat Wedhatama menika dipundamel
wonten ing jaman Surakarta tahun 1850-an utawi jaman nalika Mangkunegara IV
taksih kuwasa.
Cariyosipun pertengahan abad XVIII nalika Mangkunegara IV
kuwasa ing tanah Mataram lan Bangsa Landha njajah tanah jawi. Banjur rakyat jawi
sami ngawontenaken pemberontakan supados Bangsa Landha minggat saking tanah jawi.
Ananging amarga pinteripun Bangsa Landha malah ngedu Pakubuwana II lan Mangkubumi
IV supados saged Mataram pecah.
Sisik melik prekawis menika dereng ketemu ananging Landha
ethok-ethok dados panengah saking sedaya prekawis ingkang dipundamel piyambak. Banjur Landha ngusulaken perjanjian Gianti,
isi perjanjian Gianti inggih menika Mataram kapara dados kalih inggih menika Yogjakarta
lan Surakarta. Saking perjanjian Gianti Mangku Bumi IV angsal bagianYogjokarta,
Pakubuwana II angsal bagian Surakarta, Landha angsal bagian Semarang lan sakiwatengene,
Pangeran Samber Nyawa angsal bagian Sragen lan Wonogiri.
Saking perjanjian Gianti menika ingkang paling
dipununtungake inggih menika Landha, merga Semarang lan Sakiwatengene amba sanget.
Menika klentunipun pemimpin tanah Jawi ingkang gampil sanget dipunapusi kaliyan
Landha kang nggadahi watak ala lan serakah.
Watekipun tembang Pangkur menika nesu utawa mingkuring angkara
amargi polah tingkahipun Landha ingkang ala lan serakah. Inti wosipun tembang Pangkur
menika wejangan menawi mulang putra, babagan agama, tiyang sepuh ingkang sepah lan
samun, tiyang ingkang aleman, tiyang ingkang mboten purun ngalah, tiyang ingkang
ngalingi marang siPingging.
Tuladhanipun tembang Pangkur Pupuh Kalih kaliyan isinipun
:
Mrih
tan kemba kembenganing pambudi :babagan sapa-sapa sing nduwe budi
Mangka
nadyan tuwa pikun :sanajan wis tuwa pikun
Yen
tan mikani rasa : yen ngomong soal rasa
Yekti
sepi asepa lir sepah samun :sepah ora ana rasane (ora ngerti apa-apa)
Samangsane
pakumpulan :ana ing pakumpulan
Gonyak-ganyik
ngliling semi :malah gawe ngisin-isini
Tidak ada komentar:
Posting Komentar