Senin, 05 Januari 2015

JINISING TEMBUNG

Adhedhasar jinise, tembung diperang dadi 10, yaiku :
1.      Tembung aran utawa kata benda (nomina) yaiku tembung kang mretelake jenenge barang utawa apa bae kang kaanggep barang. Tembung aran akeh-akehe bisa sumambung karo  tembung dudu utawa tembung ana lan ora bisa sumambung karo tembung ora.
Tuladhane :
·         Meja à dudu meja
·         Jeruk à dudu jeuk
2.      Tembung kriya utawa kata kerja (verba) yaiku tembung sing mretelake solah bawa utawa tandang gawe.  Tembung kriya bisa diorakake (dinegasikan) nganggo ora. Kejaba bisa diorakake, tembung kriya basa jawa uga bisa sumambung karo tembung anggone.
Tuladhane :
·         Lunga  à ora lunga utawa anggone lunga
·         Turu     à ora turu   utawa  anggone turu
·         Manggan à ora mangan utawa  anggone mangan
3.      Tembung sifat utawa kata sifat (adjektiva) kang uga bisa diarani watak utama (kahanan) yaiku tembung kang bisa mretelake utawa watak sawijining barang utawa bab. Tembung sifat bisa sumandhing karo tembung  luwih, rada, paling, banget.
Tuladhane :
·         Ayu à luwih ayu utawa rada ayu utawa paling ayu lan ayu banget
·         Pinter à paling pinter utawa pinter banget lan rada pinter
4.      Tembung katrangan utawa kata ketrangan (adverbia) yaiku tembung kang aweh katrangan marang tembung liya. Tembung katrangan bisa nerangake tembug aran, kriya, sifat, wilangan lan katrangan.
Tuladhane :
·         Arep
·         Anggone
·         Arang
·         Banget
5.      Tembung sesulih utawa kata ganti (pronomina)myaiku tembug kang digunakake minagka sesulih uwong, barang, utawa apa bae kang dianggep barang.
Tuladhane :
·         Dhawuhmu
·         Garwamu
·         Kagunganmu
6.      Tembung wilangan utawa kata bilangan (numeralia) yaiku tembung kang mretelake gunggunge barang.
Tuladhane :
·         Siji
·         Lima
·         Satus
·         Sewu
7.      Tembung panggandheng utawa kata sambung (konjungsi) yaiku tembung kang gunane kanggo nggandhengake ukara siji lan ukara liyane murih ukara dadi tambah dawa.
Tuladhane :
·         Yen
·         Dhek
·         Sebab
·         Waton
8.      Tembung ancer-ancer utawa kata depna (preposisi) yaiku tembung kang gunane kanggo ngancer-nganceri pa[an utawa ngancer-nganceri tembung aran.
Tuladhane :
·         Ing
·         Wiwit
·         Kanggo
·         Minangka
9.      Tembung panyilih utawa kata sandang (artikula) yaiku tembung kang dienggo nyilihake patrap, barang utawa sawijining bab.
Tuladhane :
·         Si
·         Kang
·         Sri
·         Para
10.  Tembung panyeru utawa kata seru (interjeksi) yaiku tembung nkang nggambarake wedharing rasa seneng, rasa kaget, rasa kuciwa, rasa kagelan, rasa susah, lan rasa gumun.
Tuladhane :
·         Adhuh
·         Wah
·         Lho

·         Walah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar