BAYI ABIMANYU
Kekasihe
Bambang Abimanyu ya Jaka Kalasan. Atmajane satriya Madukara Raden Janaka kang
patutan karo Dewi Wara Sumbadra ya Dewi Rara Ireng. Mulane kekasihe abimanyu
jalaran pinundhut putra dening Raden Arya Bhima (mung diaku). Dene kekasihe Jaka
angalasan jalaran putra satriya nanging laire neng tengah alas gung
liwang-liwung. Dene critane mangkene : Manut buku kagungan dalem ing
Prawiranegara Mangkubumen Ngayogyakarta, nalika Dewi Wara Sumbadra wayah
tingkeban, nedya agrawuhake para kadang NAta lan Satriya, mula Patih Surata
ingkang kadhawuhan mangkat, dene Raden Arjuna nuli mapan sare karo Dewi Wara
Sumbadra.
Ambarengi
lakon mau, ing satengahing alasDhandhaka ana Raseksa lan Raseksi alas an, sing
wadon pamitan sing lanang ngupadi memangsan, sing lanang ditinggal. Raseksi mau
sekti tur bisa mabur, bareng ngunguli sandhuwuring kasatriyan Madukara nuli
niyub lan banjur lumebu ing patengganing kang lagi nendra. Raseksi gandrung
marang baguse Raden Arjuna, Dewi Wara Sumbadra nuli kacidra winadhahan ing
kendhaga banjur digawa menyang Madukara nuli memba warna Dewi Wara Sumbadra
laju nusul nggone sare Raden Arjuna.
Kacarita
Raseksa kang pinasrahan kendhaga dening sing wadon, nuli tumandhang mbukak
kendhaga jebul isi putri ayu. Ngira yen diajangi sing wadon supaya gelem wayuh
karo putrid ayu. Dewi Wara Sumbadra girap-girap weruh Raseksa arep mondhong
awake. Sumbadra lumaris, nanging tinutuhan. Dewi Wara Sumbadra nyemplung
jurang. Ora adhoh saka kono ana padhepokaning pandhita mertapa ing pretapan Jatisari
jejuluk Begawan Jayawilasa. Kagyat sang mahayogi dene ana angin lesus. Bareng
wis mendha sang Begawan niti priksa
papan sacedhake kono. Priksa putri ayu ning jero jurang nui dicedhaki, Sang
Putri arsa babaran, gya tinulungan, bayine miyos kakung pekik warnane,
ari-arine pinuja uga dadi satriya. Jabang bayine sang putrid pinaringan asma
Jaka Pangalasan, dene kang dumadi saka ari-ari diparingi asma Aribawa. Bayi
diasta kundur menyang Jatisari, den dus banyu gege walagang gelis gedhe katon
jatmika merak ati. Bocah sakarone rukun teruntungan.
Jaka
Pangalesan pinaringan klangenan pitik jago dijenengake Bedhil, nuli nyuwun
pamit bakal adu jago. Kawuwusa aneng kasatriyan Madukara Dewi Wara Sumbadra
gadungan uga wis babaran mijil kakung, nanging pasuryane raseksa, diparingi
asma Bambang Sembotho utawa Sengotho. Sing kautus momong Semar sapranakane.
Para Punakawan dhewe ya gumun, geneya Raden Janaka iku bagus tanpa cacad jebul
peputra raseksa. Bambang Sembotho kuwi uga nakal lan rewel, banjur kepengin
dolan menyang alas. Ing wana ketemu Jaka Pangalasan karo Aribawa kang nggawa si
jago Bedhil golek mungsuh. Bambang Sembotho uga duwe jago aran Mimis., ngajak
totohan. Yen Jaka Pangalasan jagone
kalah dikethok gulune, nanging yen Bamabng Sembotho jagone sing kalah mung
diwenehi jaran tumpakane.
Jago
nuli diedu, wusana jagone Bambang Sembotho ditladung si Bedhil mati kapisanan.
Jarane dijalok ning ora oleh, njur perang karo Jaka Pangalasan. Bamabang
Sembotho kalah nagis wadul Raden Janaka. Raden Arjuna muntab sigra nglinga
pusaka, nedya mateni. Bocah loro mau mlayu mulih menyang Jatisari. Raden Janaka
nututi. Bareng tekan Jatisari, Jaka Pangalasan lan Aribawa madul marang eyang
Begawan Jayawilasa lan Dewi Wara Sumbadra yen dioyak satriya nggawa keris.
Bareng Raden Arjuna tekan Jatisari, priksa Dewi Wara Sumbadra ana kono, sang
Begawan Jayawilsa nuli matur purwa madya wasana. Saiki Sang Arjuna priksa yen
kang ana ing Madukara kuwi palsu, mula dewi wara Sumbadra , Jaka Pangalasan lan
Aribawa dibi=oyong menyang Madukara. Jroning Raden Arjuna mbujung Jaka
Pangalasan, Raden Gathutkaca kang neggani Kasatriyan MAndukara. Rawuhe ingkang
paman sagarwa putra nulya njateni kabeh sandining lakon. Jaka Pangalasan lan
Aribawa kadhawuhan mrajaya Sumbadra kang ana ing ndalem pengkeran.
Wara
Sumbadra tiron ketaman pusakane Jaka Pangalasan badhar dadi Raseksi terus
kaperjaya dening Raden Gathutkaca. Bambang Sembotho prang lan Aribawa cinakot
Aribawa mati. Bambang Sembotho. Tamat mendhung peteng kang ngendhu ing
Kasatriyan Madukara. Dene anggone kekasih Raden Abimanyu mau awit nalika Wara
Sembadra babaran nyuwun ditulungi Bhima ingkang nalika semana mentas kondur
mertapa, lan wis antuk wahyu Widayat serta wahyu Maninten. Mula bareng jabang
bayi wus lair pinangku dening Sang Bhima. Wahyu Widayat manjing ana ing anggane
jabang bayi, lan banjur akekasih Abimanyu.
Rehning
tirta susune Wara Sumbadra durung mijil, saka eguh pratikele Sri Kresna, sang
Bhima kadhawuhan anesepi. Wantuning satriya kekasihing Bathara, sakala
payudarane Raden Bhima modod telung jempol, mijil banyu susu, sinesep dening
sang bayi Abimanyu ndadekake seger lan walagang gelis gedhe glewo sarta sinung
kasekten saka dayane : Wahyu Widayat. Dene Wahyu Maninten tiba ing Negara
Wiratha, ya wahyu loro mau kang ing nembe bangkit nyambung dharah ratu ing
Negara Ngastina sak jajahane, bisa kawengku bali ing asthane dharah Pandhawa.
Suka panggalihe satriya Pandhawa, dene rampung ing parcoban, genti ngundhuh
nugraha agung.
PS-26/2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar