Senin, 05 Januari 2015

PROSA PERSUASI

Persuasi iki sawijining seni vocal kang ancas tujuwane supaya wong tumindak jumbuh karo kang dikarepake dening kang celathu ing wektu iku utawa kang arep teka. Gandheng ancas-tujuwane supaya para maos/pamireng tumindak, mula persuasi uga diarani cara kanggo mutusake. Wong kang nampa persuasi kudu percaya yen keputusane kang dipilih iku bener tanpa dipeksa.
            Dadi persuasi kuwi karangan sing mbujuk kanthi cara alus supaya wong kuwi gelem nindakake apa sing dikarepake penulis utawa wong sing celathu.
Wujude Persuasi :                                                
·         Propagandha (ngajak-ajak)
·         Iklan
·         Selebaran
·         Kampanye lisan
·         Dakwah/khotbah
Persuasi nduweni panganggep yen pamikire manungsa bisa diowahi. Persuasi miangka rekadaya bglarasake utawa ben padha sarujuk kanthi padha-padha dpercaya. Wong kang nampa persuasi rumangsa melu marem lan seneng, awit ora rumangsakepeksa anggone mutusake milih sawijining tumindak.
Ciri-cirining Persuasi :
·         Mbudidaya supaya sarujuk
·         Proses supaya wong percaya lan bisa nampa apa kang dikarepake kang nulis/celathu
·         Tansah ngendhani dredah
Pola pengembangan persuasi padha karo argumentasi yaiku kanthi rincian, tuladha, perbandhingan.
Tuladha :

Wong urip kuwi kudu seneng menehi tetulung. Dadi wong jawa kudu bisa menehi tetulung marang wong liya. Supaya oleh kanikmatan saka Gusti kang kuwasa. Lan supaya ora entuk kasengsaraan ana ing donya lan akhirat mengkone. Yen wong urip ing donya iki ora seneng tulung –tinulung marang wong liya, iku bisa dianggep wong kang ora becik, amarga tumndake kuwi. Mula mumpung isih urip ing donya iki, kudu seneng menehi tetulungan marang wong liya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar