Madeg
kraton Astinapura, Prabu Dhestarata kaadep dening putra mbarepe. Surasane
rembugan ana gandheng cenenge karo paprentahan Astina ing tembe mburine
ngengeti para Pandhawawis wiwit dewasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan bakal
winisuda dadi Ratu Anom ing Astina sawetara Haryo Suman mbudidaya mbujuk
Dhestarata upaya hak tumrap keprabin lan kraton Astins tetep dadi duwekke
kurawa.
Sabanjure Duryudana, Dursasana lan
sang paman Haryo Suman ngananakake sapatemon, njaluk pambiyantu Resi Durna kanggo
nyingkirake Bima. Ing sakawit Resi Durna kabotan nanging nalika diundhamana
dununge Resi Durna ing Astina kng ora ucul saka lelabuhane lan lomane Prabu
Dhestarata. Kasarung saka utang budi tundhone saguh mujudi panjaluke Duryudana.
Resi Durna banjur nyeluk Bima,
kanthi alesan ngluhurake asmane Pandhawa, diutus golek banyu Tirtaprawita
menyang gunung Candradimuka. Bima sanggu lan enggal budhal. Ing pinggire Gunung
Candradimuka Bima ngamuk nganti diparani buta 2 yaiku Rukmaka lan Rukmakala
kang nglarang Bima ngrusak tatanan ing kono, sidane geseh panemu banjur dadi
bandayuda. Saking ampuhe Pancanaka Bima kasil mateni buta maul an badhar dadi
Bethara Indra lan Bethara Bayu. Ing kono Bima diterangake lamun Tirtaprawita
ora ana ing Gunung Candradimuka lan Bima didhawuhi bali ngadhep Resi Durna
njaluk katrangan kang cetha dununge Tirtaprawita.
Bali ing pertapan sokalima, Resi
Durna nampa tekane Bima, Bim ngandharaken kabeh crita saka Bethara Indra lan
Bethara Bayu,. Resi Durna banjur kanda yen mau kanggo nguji kasabarane Bima,
amarga Bima pancen santosa lan kuwat kekarepane, mula saiki dhewekke muduhake
panggonan mapane Tirtaprawita yaiku ana ing dhasare Samodra.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar