Senin, 05 Januari 2015

NYEMAK

A.    NYEMAK
            Ana sajroning bebrayan ana tembung krungu, ngrungokake, lan nyemak. Katelune nduweni teges kang beda.
Krungu yaiku proses kegiyatan kang nampa swara sing dilakoni kanthi ora sengaja. Tuladhane yaiku nalika aku sinau aku krungu swara kucing ana ing ngarep omahku. Yen ngrungokake yaiku proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi sengaja nanging during ana unsure pemaaman. Tuladhane yaiku nalika aku mulis sekolah aku ngrungokake omongane Intan lan Arda. Kang pungkasan yaiku nyemak, yaiku proses kegiyatan nyemak lambang-lambang lesan kanthi nggatekna kang tumene, paham, apresiatif, serta interpretasi kanggo informasi. Nangkep isi utawa pesen serta paham tegese babagan kang lagi dirembug. Tuladhane yaiku aku nyemak pelajaran basa jawa kanthi tenanan.
            Nyemak bisa diperang dadi 2, yaiku :
1.      Nyemak Ekstensif
Tegese proses nyemak ana bebrayan saben dinane. Kayata nyemak radio, TV, pacelathon ing pasar, lsp.
Ana 4 Perangan Nyemak Ekstensif, yaiku :
a         Nyemak Sekunder, yaiku nyemak sing kedadeyan sarana kebeneran. Umpamane lagi sinau bisa ngrungakake swara radio, TV, lsp.
b        Nyemak Sosial, yaiku nyemak sing ditindaake ana bebrayan sosial. Kayata : ing psar, terminal, kantor, lsp.
c         Nyemak Apresiasi/Estetika yaiku nyemak kanggo nikmati karya sastra. Kayata nyemak puisi, cerita, lsp.
d        Nyemak Pasif, yaiku ngrungokake sing dilakoni kanthi tampa ana upaya sadar. Tuladhane yaiku nyemak basa daerah nganti bisa.
2.      Nyemak Intensif
Tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen lan konsentrasi sing dhuwur.
Ciri-cirine kegiyatan nyemak intensif, yaiku :
a         Nyemak kanthi pemahaman
b        Nyemak kanthi kebak konsentrasi
c         Nyemak paham bahasa formal
d        Diakhiri reproduksi hasil simakan
Jinising Nyemak Intensif, yaiku :
a)      Nyemk kritis, yaiku kgiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi biji kang objektif, nemtokake asli lan orane, kaluwihan lan kekurangane.
b)      Nyemak konsentratif, yaiku kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati, kanggo entuk pemahaman sing apik tumrap informasi sing dirungokake. Tujuane yaiku :
·         Manut petunjuk-petunjuk
·         Nggoleki sesamungane antar unsure sajroning nyemak
·         Nggoleki informasi penting
·         Nggoleki uruaning penyajian bahan semakan
·         Nggoleki gagasan utamane.
c)      Nyemak eksploratif, yaiku kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati kanggo pikantuk informasi anyar, tujuane yaiku :
·         Nemokake informasi anyar lan tambahan saka bidang tertemtu
·         Nemokake gagasan anyar
·         Nemokake topic knag anyar
·         Nemokake unsure basa kang sifate penting
d)     Nyemak interogatif, yaiku kegiyatan nyemak sing nduweni tujuan kanggo nggoleki informasi kanthi cara ngajokake pitakon-pitakon sing diarahake tumraping entuk-entukaning informasi. Tujuane, yaiku :
·         Kanggo nggoleki fakta-fakta
·         Nyemak gagasan anyar
·         Nyemak kanggo pikantuk informasi sing disemak asli apa ora
B.     Nyemak Musyawarah

Nyemak musyawarah kalebu nyemak intensif yaiku nyemak konsentratif. Topic sing dirembug ana sajroning musyawarah beda-beda. Musywarah dadi gayeng yen sing dibahas topike kuwi isih anyar lan actual. Kanggo goleki informasi penting ana sajroning musyawarah. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar