Senin, 05 Januari 2015

CANDRANING KAANANING ALAM

Candraning kaananing alam kuwi akeh banget, kayata candraning ing wayah esuk, ing wayah bengi , ing gunung, ing segara,lsp.
            Ing ngisor iki mung didekeki tuladha candraning alam kang gegayutan karo solan-salining mangsa.
1.      Sotya murca saking embanan
Ing mangsa kasa akeh wit-witan akeh kang brindil. Sotya pepindhaning gegodhongan, embanan pepindhaning wite.
2.      Bantala rengka
Mangsa Karo akeh lemah padha mletek (nela).
3.      Suta manut ing bapa
Mangasa katelu wi-gembili-gadung wiwit katon paha mrambat. Suta pepindhaning wi-gembili-gadung, bapa pepindhaning rambatane.
4.      Waspa kumembeng jroning kalbu
Mangsa kapat tuk padha pipet (buntet), mulane saupama gawe sumur ing mangsa iku, bisane nganti metu banyune ya kudu jero banget.
5.      Pancuran mas sumawur ing jagad
Mangsa kalmia wiwit ana udan deres, banyu wiwit akeh, mulane wong tani padha wiwit ngolah lemah (mangsa labuh)
6.      Rasa mulya kasucian
Mangsa nenem akeh who-wohan kang enak mirasa.
7.      Wisa kentar ing maruta
Mangsa kapitu akeh lelara.
8.      Anjrah jroning kayun
Mangsa kawolu mangsane kucing padha gandik
9.      Wedharing wacana mulya
Mangsa kasanga akeh gareng muni, gansir ngentir.
10.  Gedong minep jroning kalbu
Mangsa kasapuluh akeh kewan meteng, manuk ngendhog. 
11.  Sotya sinarawedi
Mangsa kasawelas utawa desta akeh manuk ngloloh.
12.  Tirta sah saking sasana
Ing mangsa karolas utawa sadda ora ana wong kringetan, merga akeh wektu ing mangsa bediding. Yen wong kademen pirang-pirang, terkadang padha gegeni.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar