Senin, 05 Januari 2015

KAWRUH BASA

A.    Unggah-Ungguh Basa
Unggah-ungguh yakuwi gelem atur pakurmatan marang wong liya. Bisa njumbuhake swasana ing madyaning bebrayan, samad-sinamadan, kudu nganggo tetembungan kang laras, leres lan trep tumrap wong kang luwih tuwa utawa pangarsaning praja. Tata karma yaiku pranata utawa tatanan utawa norma undha-usuking kahanan pasarawungan, ngajeni lan kurmat marang wong kang prelu diajeni, dadi ora digebyah-uyah. Andap asor tegese pakarti utawa tindak-tanduk kang dikantheni batin kang resik/suci, katon ing solah bawa.
Warna-warna basa kapiah :
1.      Ngoko Lugu
Titikane kabeh tetembungan nggunakake tembung ngoko.
Panganggone :
·         Kanggo sapada-pada kang wis kulina
·         Kanggo bocah karo bocah
·         Kanggo wong tuwa marang bocah
·         Guneman dhewe
Tuladhane :
·         Kowe mau wes mangan during ?
·         Omahmu ana ing ngendi, wi ?
·         Aku mau budhal sekolah karo Dian.
2.      Ngoko Alus
Titikane nggunakake tetembungan ngoko kang dicampur tembung karma inggil. Tembung karma inggil kango wong sing diajak guneman. Lan kang diramakake inggil biasane tembung sesulih lan tembung kriya. Ater-ater lan panambang tetep ngoko.
Pangganggone :
·         Digunakake wong kang padha tuwane (bojone priyayi marang kakunge)
·         Digunakake wong tuwa marang wong enom sing luwih dhuwur drajate
·         Priyayi padha priyayi yen wis  kulina
Tuladhane :
·         Panjenengan mau wis dhahar apa durung ?
·         Bapak rawuh kabotan ngasto buku.
·         Dalem panjenengan ana ngendi ?
3.      Krama Lugu
Titikane kabeh tembunge nggunakake tembung karma.
Panganggone :
·         Digunakake wong kang nembe tetepungan.
·         Digunakake wong tuwa marang wong enom kang isih diajeni
·         Digunakake kanggo wong enom marang wong tuwa nanging ora pati ngajeni
Tuladhane :
·         Sampeyan kalawau sampun nedha dereng ?
·         Bapak dugi kawratan mbekta buku.
·         Griya sampeyan wonten pundi
4.      Krama Alus
Titikane tetembungan nggunakake tembung karma inggil kabeh. Tembung karma inggil kanggo sing diajak guneman, tembung karma kanggo awake dhewe.
Pangganggone :
·         Digunakake bocah marang wong tuwa
·         Digunakake kanggo andhahan marang ndhuwuran
Tuladhane :
·         Ibu tindak peken nitih becak.
·         Bapak sampun rawuh saking Semarang.

·         Panjenengan kalawau sampun dhahar dereng ?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar