Minggu, 11 Januari 2015

WARNA-WARNA WAYANG

Wayang inggih menika aran kang awujud karakter tokoh saka cariyos Mahabarata lan  Ramayana ugi saged tokoh sanes ingkang dipundamel saking kulit sapi utawi kulitwedhus lan sanes-sanesipun.
            Sastra Pewayangan inggih menika karya sastra ingkang nyariosaken kauripan pewayangan saking mangsa ing mangsa ingkang dipunparingi unsur-unsur kasebut.
            Wayang wonten kathah maneka warna, tuladha :
1.      Wayang kulit purwa  : wayang ingkang naming nyariosaken babagan cariyos Mahabarata utawi Ramayana.  Wayang menika dipundamel saking kulit sapi utawi kulit wedhus.
2.      Wayang golek  : wujud wayang menika kados wujudipun manungsa lan ugi nyariosaken cariyos Mahabarata, Ramayana, cariyos Nabi Muhammad, lan cariyos kerajaan-kerajaan ing tanah jawi lan sunda. Wayang menika dipundamel saking kayu.
3.      Wayang klithik : wayang saking daerah pantura (pantai utara) ingkang nyariosaken babagan cariyos kerajaan ing Jawa Timur.
4.      Wayang suket : wayang saking suket nyariosaken sedaya ingkang wonten ing cariyos wayang. Wayang menika anggitanipun Slamet Gandana.
5.      Wayang wong : menungsa ingkang dados  wayang kasebut lan nyariosaken Mahabarata lan Ramayana.
6.      Wayang wahyu : wayang menika nyariosaken perjalanan Nabi Isa kangge syiar agama Nasrani.
7.      Wayang jemblung : wayang menika iringanipun mboten gamelan  ananging saking tutuk menungsa. Menawi wonten ing basa Indonesia akapela.
8.      Wayang pancasila : wayang menika nyariosaken perjuangan Negara Republik Indonesia nalika jaman penjajahan.
9.      Wayang kancil : wayang menika nyariosaken babagan kewan-kewan lan kepinterane kancil.
Wonten ing pewayangan wonten ingkang kawastanan wayang simpingan lan wayang sabetan. Wayang simpingan inggih menika wayang ingkang dipunjejer lan mboten dipunginakaken wonten lakon, ananging dipunpasang kemawon wonten ing sisih kiwa lan tengen. Wonten ing tengen menika tokoh protagonist lan wonten ing kiwa menika tokoh antagonis. Wayang sabetan inggih menika wayang ingkang dipunginakaken wonten ing lakon. Wonten ugi wayang setan-setanan lan wayang buta dupak, wayang menika kangge nggambaraken tokoh antagonis utawi watak angkara murka. Padatanipun menawi medhal sepisan banjur dipunpejahi dening satriya wonten ing lakon pewayangan. Kayon menika wonten kalih, kayon lanang lan kayon wadon. Bentenipun wonten ing ngandhapipun kayon menika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar