Senin, 05 Januari 2015

TEMBANG CAMPURSARI

Campursari kelebu salah sawijining jinis tembang gagrak anyar. Dene tembang kang kelebu lawas  yaiku gendhing. Ana maneh sing kelebu langgam. Langgam iki iramane kalebu rada anyar uga, amarga pirantinr ora mung gamelan wae.
1.      GENDHING
Gendhing iku alus banget sastrane lan anggone nata laras gamelane. Iringane musike mligi nganggo piranthi gamelan. Cakepane kalamangsane nganggo tembung-tembung kang angel ditampa kanthi lugas amarga dijumbuhake karo paugeran (guru lagu, guru gatra, guru wilangan). Apa maneh yen gendhing mau pinilih cakepane tembang, embuh kuwi embang cilik, gedhe utawa tengahan.
            Tuladha : 
Asmaradana
Anjasmara ari mami
Mas mirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Pang tandhing Wuru Bisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra
2.      LANGGAM
Langgam iki luwih anyar tinimbang gendhing. Garapane rada sigrak menawa kebanding gendhing. Langgam iku lelagon kang garapane iramane alus. Iringane music bisa piranti musik kroncong, organ, uga bisa nagnngo gamelan. Cakepan diracik kanthi alus mawa teges lan kaendahane tembung.
            Tuladha :
Ngidhamsari (Manthous)
Umpama sliramu sekar melati
Aku kumbang ngidhamsari
Umpama sliramu margi wong manis
Aku kang bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil neng netra rinasa
Kerasa rasaning ndriya
Midera sajagad raya
Kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise adhuh
Dadi ati selawase
Nalika nira ing ndalu atiku
Lam-lamen wong ayu
Nganti mati ora lali
Lha kae lintange mlaku
Lelagon Ngidhamsari miturut bocah saiki kalebu tembang campursari ananging sayektine kalebu langgam. Ukara-ukara kang dipilih ngemu surasa kang endah lan merah ati. Cakepane memuja marang geganthilaning ati yaiku kekasih kang ora bisa ketandhingake marang apa lan sapa wae. Tansah kumanthil ing netra, katon-katone wong ayu ana ngendi papan lan wektu.
3.      CAMPURSARI
Campursari kuwi lelagon kang piranti musike campuran antrane gamelan lan piranti music modern. Umpamane saron, kendhang , gitar, suling, lsp. Dene cakepane uga campuran nangin basane lugas, ana ndhangdhut, kroncong, langgam, pop, utawa jaipong. Dadi sing mbedakake campursari kalawan langgam lan gendhing yaiku piranti musike lan cakepan sing digunakake.
Tuladha :
Layang Kangen
Layangmu wis tak tampa wingi kuwi
Wis tak tampa apa arepe atimu
Trenyuh ati iki maca tulisanmu
Ra krasa netes eluh ning pipiku
Umpama tanganku dadi suwiwi
Iki uga aku mesti enggal bali
Neng kepriye maneh merga kaananku
Cah ayu entenana tekaku
Ra maido sapa wong sing ora kangen
Adoh bojo pengen turu angel merem
Ra maido sapa wong sing ira trenyuh
Ra kepethuk sawetara pengen weruh
Percaya aku kuatna atimu

Cah ayu entenana tekaku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar