Argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya
kango ngowahi penemune wong liya, supaya lan wusanane wong kuwi tumindak jumbuh
karo kang dikarepake penulis/kang omong. Kanthi argumentasipanulis mbudidaya
ngrakit kasunyatan (fakta), kanggo mbuktikake yen panemune panulis mau bener
apa ora.
Persuasi karo argumentasi meh padha,
awit padha-padha mbudidaya supaya percaya antarane siji lan sijine kang lagi
rembugan. Nanging satemene ana bedhane, yaiku :
ARGUMENTASI
|
PERSUASI
|
Mbudidaya mbeberake bukti yen panemune kang
nulis/celathu iku bener
|
Mbudidaya
supaya bisa sarujuk
|
Proses tumuju kesimpulan
|
Proses supaya
wong percaya lan bisa nampa apa kang dikarepake kang nulis
|
Kahanan rangu-rangu/dredah bab kang dianggep bener
|
Tansah
ngendhani dredah
|
Tuladha :
Alcohol bisa gawe cilaka. Ngombe alcohol
sajroning wektu kang suwe bisa ndadekake tiwas amarga kacilakan lalu lintas
awit nyopir nanging lagi mendem. Meh 15.000 jiwa tumindak kasar klebu nglalu
(kecanduan) amaga mendem. Ana 40 juta jiwa anak lan bojone padha sangrara
nandhang tekanan mental, awit salah siji keliwargane ketaman nyandu alcohol.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar