Minggu, 11 Januari 2015

SESERAPAN BABAGAN KARTI BASA

A.    UNGGAH-UNGGUH BASA
1.      Pangertosan Unggah-Ungguh Basa
Unggah-ungguh basa menika pranatan basa miturut lenggahing tata karma utawi sopan santun. Tegesipun sinten kemawon tiyang ingkang kawastanan angertos unggah-ungguh basa, menawi nalikaning gineman utawi srawung dhateng tiyang sanes basanipun kedah arah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah tiyang kalawau tansah dipun tampi.
2.      Bab –Bab Ingkang Gayut Kaliyan Unggah-Ungguh
Salebeting gineman utawi sesabetan kaliyan tiyang sanes kedah tansah ngengeti :
a         Umur/Yuswa
b        Peprenahan
c         Drajat/Pangkat
d        Kasugihan
e         Luhuring Bebuden
f         Keturunan
g        Pitepangan Enggal
3.      Wujuding Undha-Usuk Basa
Wujudipun undha-usuk basa inggih menika :
·         Basa ngoko (tembung ngoko sedaya)
·         Basa ngoko Alus (tembung ngoko kacampur karama/karma inggil)
·         Basa Krama (tembung krama)
·         Basa Krama Alus (tembung karma kacampur karma inggil)
B.     JINISING TEMBUNG
1.      Tembung Lingga
Tegese tembung kang isih wutuh, durung karaketan ing ater-ater, seselan utawa panambang. Tuladhane :
Gludhuk, kaca, meja, kursi, Koran, lsp
2.      Tembung Camboran
Tegese tembung kang dumadine saka pamoring tembung loro kang tegese digerba dadi siji. Tembung camboran ana loro :
a         Camboran Tugel : dubang (idu abang), lunglit (balung kulit), dhegus (gedhe bagus).
b        Camboran Wutuh , anan loro :
·         Camboran Tunggal tegese tembung kang dicambor nduweni teges anyar. Tuladha : naga lan sari, dadi nagasari, gantung lan siwur dadi gantung siwur.
·         Camboran Udhar tegese tembung-tembunge isih madeg dhewe-dhewe lan tegese dudung luluh. Tuladhane : pages wesi, tukang sepatu, gula tebu, lsp.
3.      Tembung Rangkep
Tegese tembung sing dirangkep/dibaleni/ kata ulang, wujude ana telu :
a         Tembung Dwilingga : dumadine sarana ngrangker linggane
b        Tembung Dwipurwa : tembung lingga kanthingrangkep wandane wiwitan. Tuladha : lima dadi lilima, lara dadi lelara, lsp.
c         Tembung Dwiwasana : tembung lingga kanthi ngrangkep wanda kang pungkasan/ purwa. Tuladhane : cekak dadi cekakak, cekik dadi cekikik, lsp.
4.      Tembung Andhahan
Tegese tembung kang wis ngalami owah-owahan saraa antuk ater-ater, seselan lan panambang.
C.     GUGON TUHON
Gugon tegese sipat utawa wewatakan kang gampang banget nggugune marang guneman wong utawa dedongengan. Tuhon tegese wewatakan kang gampang tuhu utawa mutuhu marang guneme wong utawa dedongengan. Gugon tuhon tegese :
·         Tembung watak kang maknane wewatakan kang gampang nggugu lan mituhu marang guneman utawa dedongengan kang pancene mono perlu digugu utawa pinituhu.
·         Tembung aran kang maknane gunem utawa dedongengan kang dening wong-wong sing gugon tuhonan dianggep nduweni daya, menawa nganti ora digugu lan ora katindakan wong-wong sing ora nggugu uripe bakal nandhang kepenak.
Gugon tuhon bisa digolongake dadi 3. Yaiku :
1.      Gugon Tuho Kang Salugu. Kang kalebu gugon tuhon kang salugu yaiy bocah lan wong kang manut dedongengan dadi memangane Bathara Kala, kalebu golongane bocah sukerta lan wong kang kalebu panganyam-anyam. Tuladhane :
·         Ontang-anting : bocah lanang siji
·         Unting-unting : anak wadon siji
·         Kendhana-kendhini : anak loro lanang wadon
·         Pancagati lan Pandhawa , lsp.
2.      Gugon Tuhon Kang Isi Wasita Sinandi. Yaiku pitutur kang sinamun, ora dilairake acanti melok utawa ora dikandakake ing salugune. Uga bisa diarani aradan. Biyasane ana tembung “Ora Ilok lan Ora Apik”. Tuladhane :
·         Aja kekudung kukusan, mundak dicaplok baya, tur ora ilok
·         Jendela menga
·         Kasur tanpa pramada
·         Sumur ing ngajengan
3.      Gugon tuhon kang kalebu wewaler utawi pepali
·         Wong-wong ing Banyumas ora kena lelungan ana ing dina Setu Paing

·         Wong-wong ing daerah Kendal ora kena gawe omah gedhong 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar