A.
Maos Teks Sesorah
Sesorah utawa pidhato
kuwi njlentrehake ide utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang
diucapake kanggo wong akeh. Sesorah ugi iso uga nganggo tulisan utawa maca
layang sing wis disiapake, utawa tanpa layang.
Urutaning
sesorah, yaiku :
1.
Ngucapake
pambuka kanthi uluk salam
2.
Purwaka,
ngunjukake puj syukur lan matur nuwun marang kang para rawuh
3.
Surasane basa
utawa isining sesorah bab kang diwedharake
4.
Dudutan
(kesimpulan) utawa inti wedharan sesorah
5.
Pangarep-arep ngengingi
bab kang dikarepake marang padha kang ngrungokake
6. Wasana utawa penutup, atur panyuwun lan nyuwun
pangapura bok menawa ana klera-kleru anggone nindakake maos pidhato.
Carane
ngandharake isine pidhato iku werna-werna miturut tujun, kaanan, lan pendekatan
kang dipilih. Jinis-jinis dijlentrehake neng ngisor iki.
1. Miturut Tujuane Pidhato
a
Menehi hiburan
Pidhato jinis iki ditindakake ana ing acara
pahargyan. Tujuane supaya acara kang ditindakake bisa sumringah lan meriah.
Basa kang sigunakake pambicara santai
lan bisa gawe bungah lan seneng.
b
Menehi kawruh
Pidhato iki isine ngandharake babagan kang
secetha-cethane, supaya pamireng mangerti. Pamicara bisa nganggo conto,
mbandingake, lsp. Kang kabeh mau ginane kanggo njelasake marang pamirenge.
c
Ajak-ajak
Pemicu ngandharake alesan, bukti, tuladha supaya
pemirenge gelem nindakake kaya apa kang dikarepake pemicara. Biasane pidhato
iku dianggo kamanye aep pemilihan umum.
2.
Miturut Kaanane
Pidhato
a.
Kaanan resmi
Kaanan resmi lumrahe pamicara maca pidhato nganggo
naskah kang wis disiapake, naskah kuwi bisa disimpen kanggo arsip
b.
Kaanan setengah
resmi
Pamicara bisa ngandharake pidhatone rada longgar.
Nanging kesan resmi kudu tetep digatekake.
c.
Kaanan ora resmi
Pamicara bisa ngandharake pidhatone miturut tujuan
utawa seleraen pamirenge.
d.
Kaanan liya-liya
Saliyane kaanan kaya mau, ana kaanan kang kudu
nduweni pengaruh marang cacra ngandharake pidhato, yaiku pamirenge lungguh apa
ngadheg, wektune, anggone pidhato dhewe apa karo wong liya.
3.
Miturut
Pendekatan isi Pidhato
a.
Pendekatan
intelektual
Pendekatan iki digunakake yen pemirenge duwe
pendidikan kang cukup.
b.
Pendekatan moral
Pendekatan iki digunakake yen pemirege seneng melu
kegiatan moral.
c.
Pendekatan
emosional
Pendekatan iki digunakake yen pemirege kurang
pendidikan. Biasane pemirenge gampang nampa isi pidhato lumantar emosine.
B.
Metode Jinising Pidhato
1.
Metode Apalan
Metode pidato iki pamicara sadurunge gawe tulisan
kang lengkap, banjur diapalake tembung tekan ukarane. Ing kene ora ana panemu
anyar kang ora ana tulisane.
2.
Metode Naskah
utawa Teks
Metode cara iki pamicara kudu bisa nggawa teks
pidato kang wis ditulis lan disiapke, ora diapalake.
3.
Metode
Ekstemporer
Metode iki pamicara gawe cathetan cilik minanggka
kanggo pangeling-eling urutaning kanga rep kawedharake. Uga bisa dikembangake
kanthi panemu anyar selaras karo swasana pidhato.
4.
Metode improntu
(dadakan)
Metode dadakan iki ora kanyana-nyana sadurunge. Dadi
ora ana persiapan sadhurunge. Dadi duwe sangu katrampilan micara ing ngarepe
wong akeh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar