Sabtu, 29 November 2014

UPACARA KASODO

Upacara Kasodo menika salah satunggaling upacara ingkang diadakaken wonten ing masyarakat Suku Tengger. Upacara menika saged dipunwastani Yadnya Kasada Kasodo. Upacara menika diadakaken tanggal 14 wulan kasodo ing tradisional Hindu kalender lunar, upacara menika diadakaken wonten ing Gunung Bromo Jawa Timur. Kasodo menika kangge mangeti Sang Hyang Widhi, ingkang dipundasari saking legenda Roro Anteng lan Joko Seger.
Miturut legenda Saksampunipun Roro Anteng lan Joko Seger krama, mboten kagungan putra kanthi dangu. Lajeng Roro Anteng lan Joko Seger  tapa (meditasi) wonten ing inggilipun (puncak) Gunung Bromo, nyuwun kalih para dewa supados kekalihipun kagungan putra. Lajeng para dewa maringi anugrah kaliyan Joko Seger lan Roro Anteng kagungan 24 putra, ananging putra ingkang kaping 25 kedah dipununcalaken wonten ing kawahipun Gunung Bromo kangge pangurbanan manungsa. Nantos sakniki upacara nguncalaken sesembahan kangge para dewa taksih dipunlaksanaaken dening Suku Tengger. Ananging sajen ingkang dipunginakaken inggih menika ayam, mendo, lan jangan-jangan ijo (sayur). Yadnya Kasada dipunamati dening masyarakat Tengger, keturunan saking pangeran ingkang kuasa wonten abad ke-13 Kerajaan Majapahit. Ing Pulo Jawa mayoritas pendudukipun menika islam, ananing komunitas Tengger taksih nganut kepercayaan kuno saking Majapahit ngantos sakniki.  Sami kaliyan masyarakat Hindu-Bali, masyarakat tengger ngibadah Ida Sang Hyang Widhi Wasa, Tuhan Kang Maha Kuwasa, bebarengan kalih dewa Trimurti, Siwa, Brahma lan W, bebarengan kalih dewa Trimurti, Siwa, Brahma lan Wisnu, kaliyan Animisme lan Buddhimidme Mahayana.
Wonten upacara Kasodo kathah tiyang-tiyang ingkang nderek upacara menika ananging mbiten nderek nindakake ritual. Namung ndaki Gunung Bromo, Suku Tengger nindakake upacara lan ritual mbuwang sajen wonten kawah. Sajennipun inggih menika jangan-jangan ijo, woh-wohan, kewan ingon, kembang lan arta. Kangge rasa syukur kemakmuran wonten pertanian lan peternakan.
Katha para warga ingkang mudhun lan pada rebutan mundhut sajen inhkang sampun dilarung utawi dibuwang wonten kawah. Para warga percados menawi mundhut sajen menika saged ngasta kauntungan lan kelimpahan rahmat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar