Cerita Noyo Sentiko wis padha dimangerteni para
masyarakat daerah Blora lan Rembang. Amarga Noyo Sentika kuwi salah sijine
mantan prajurite Pangeran Diponegoro. Ana ing daerah Sumber Noyo Sentiko,
garwane, lan kanca-kancane netep lan manggon ing kana nganti taun 1855.
Sawise manggon ing Sumber Wangi,
Naya Sentika lan bojone banjur meguru ngelmu kasekten marang Ki Samboro. Ki
Samboro yaiku pendheta ing padhepokan Guwa Nglengkir. Ing padhepokan kuwi
dheweke nduweni kanca sing jenenge Beja. Marang Ki Samboro dheweke nyitakake
apa kekarepane, yaiku nutukna perjuwangane Pangeran Diponegara.
Dening Ki Sambora dheweke diutus tapabrata ing gunung Genuk ing dhaerah Taunan. Miturut Ki Samboro tandha kanggo miwiti pembrontakan kuwi manut karo kahanane genuk ing Gunung Genuk. Menawa gunuk kuwi rubuh lan lambene madhep ngulon, mula pembrontakan diwiwiti saka kulon, mula lambene madhep ngidul, mula diwiwiti sala kidul.
Dening Ki Sambora dheweke diutus tapabrata ing gunung Genuk ing dhaerah Taunan. Miturut Ki Samboro tandha kanggo miwiti pembrontakan kuwi manut karo kahanane genuk ing Gunung Genuk. Menawa gunuk kuwi rubuh lan lambene madhep ngulon, mula pembrontakan diwiwiti saka kulon, mula lambene madhep ngidul, mula diwiwiti sala kidul.
Beja iri marang Naya Sentika merga
dheweke ora pati digatekake dening Ki Samboro kaya dene Naya Sentika lan
bojone. Sakliyane kuwi, dheweke uga nduweni rasa seneng karo Dyah Ayu Sumarti,
bojone Naya Sentika. Mula Beja nduweni niyat ala marang Naya Sentika. Nalika
Naya Sentika lagi tapa, Beja njarak ngrubuhake genuk kang ana ing Gunung Genuk
banjur dheweke ndhelik ing lereng Gunung Genuk. Esuke Naya Sentika weruh yen
genuk mau wis rubuh lan lambene madhep ngulon. Naya Sentika banjur ngunus
gamane kang arane Kyai Sadak lan maju perang karo prajurite. Naya Sentika lan
prajurite banjur sorak-sorak, mula panggonan kang dinggo sorak-sorak mau
diwenei jeneng Gunung Surak. Nanging sadurunge budhal Naya Sentika lan
prajurite dipenggak dening Ki Samboro merga rubuhe genuk mau ora merga rubuh
dhewe nanging digawe dening manungsa. Sawise konangan yen sing ngrubuhake genuk
mau Beja, Naya Sentika banjur nggoleki Beja nanging Beja langsung njaluk
pangapura. Merga genuk wis kadhung rubuh, mula Naya Sentika tetep nerusake
niyate miwiti pembrentokan. Pembrontakan kuwi diwiwiti saka kulon, yaiku
dhaerah Rembang.
Daerah sing pisanan diserang dening
Naya Sentika yaiku dhaeran Lasem merga ing dhaerah kuwi ana gudhang uyah.
Gudhang diobong lan wedana lasem dicekel, digawa lunga, banjur pungkasane
dipateni denging Naya Sentika. Panggonan kang dinggo mateni wedana Lasem banjur
dijenakna Nggakyang dening Naya Sentika merga wedana Lasem mati ngadek kaya
tunggak nalika kena gamane Naya Sentika. Dene panggonan kang kotosan getihe
wedana Lasem diwenehi jeneng Desa Merah.
Sawise nyerang Lasem, rombongan
Naya Sentika banjur ngalih ing dhukuh Bangsri wektu kuwi dhukuh Bangsri
dipimpin dening lurah kang jenenge Ki Gedhe Toinah. Ora let suwe Naya Sentika
manggon ing Bangsri akeh rakyate kang ngrewangi pembrontakane Naya Sentika.
Naya Sentika banjur nyerang desa-desa kang dadi sekutune walanda. Sawise kuwi
Naya Sentika banjur lunga ngalor ngetan saperlu nyusun kekuwatane prajurite.
Dyah Ayu Sumarti ditinggal ing Bangsri saperlu nglatih prajurit wadon.
Panggonane Naya Sentika lunga ngalor ngetan dijenakna Nglorok
Bupati Blora krungu kabar bilih ana
pembrontakan ing Bangsri, dheweke banjur ngutus adhine, Pangeran Sumenep supaya
nglawan Naya Sentika.nanging sawise teka ing Bangsri, Pangeran Sumenep malah
seneng karo bojone Naya Sentika, Dyah Ayu Sumarti. Nanging Dyah Ayu Sumarti ora
gelem marang Pangeran Sumenep. Dyah Ayu Sumarti banjur mlayu lan madul marang
bojone. Nalika iku Naya Sentika wis duweni gelar Naya Gimbal merga dheweke ora
gelem ngethok rambute sadurunge walanda lunga tanah Jawa.
Pangeran Sumenep nggudak-nggudak Dyah Ayu Sumarti banjur kedadean perang antarane prajurite naqya Gimbal lan prajurite Pangeran Sumenep. Ing peperangan kuwi prajurite Pangeran Sumenep kalah lan balik Blora. Ing peperangan kuwi uga nglairake jenenge desa-desa ing Blora, yaiku desa Turi (panggonan Naya Gimbal nambani prajurite sing catu nganggo gadhang turi sing isih nom utawa pupus), desa Sumampir (panggonan mayite prajurite Pangeran Sumenep kang semampir ing wit-witan), lan desa Tinggil (panggonan kang dinggo seneng-seneng prajurite Naya Gimbal merga menang perang musuh Pangeran Sumenep).
Pangeran Sumenep nggudak-nggudak Dyah Ayu Sumarti banjur kedadean perang antarane prajurite naqya Gimbal lan prajurite Pangeran Sumenep. Ing peperangan kuwi prajurite Pangeran Sumenep kalah lan balik Blora. Ing peperangan kuwi uga nglairake jenenge desa-desa ing Blora, yaiku desa Turi (panggonan Naya Gimbal nambani prajurite sing catu nganggo gadhang turi sing isih nom utawa pupus), desa Sumampir (panggonan mayite prajurite Pangeran Sumenep kang semampir ing wit-witan), lan desa Tinggil (panggonan kang dinggo seneng-seneng prajurite Naya Gimbal merga menang perang musuh Pangeran Sumenep).
Raden Mas Tumenggung Cokronegoro
krungu kabar bilih prajurite Pangeran Sumenep kalah dening Naya Gimbal. Dheweke
banjur jaluk tulung marang Kumpeni walanda ing Semarang. Dene Naya Gimbal lan
prajurite kang direwangi Ki Gede Toinah Pendeta Ki Samboro, Beja, lan Dyah Ayu
Sumarti nerusna lakune ing dhukuh Sambeng. Nanging ana prajurite kang diutus
menyang Gunung Genuk saperlu njupuk gaman utawa senjata kan eujute pedhang lan
bendhe. Ing tengah dalan utusane ketemu karo wong-wong desa Taunan lan Mrayun.
Wong-wong mau nyaranke supaya senjata saka gunung Genuk disimpen wae ing daleme
Lurah Desa Mrayun. Saran iku ditampa dening utusane Naya Gimbal.
Sawise bantuawan
saka Semarang teka banjur langsung nggudak Naya Gimbal lan prajurite ing dhukuh
Sambeng. dening wong kono prajurite Kumpeni Walanda diduduhake panggonan kang
dinggo ndelik Naya Gimbal lan prajurite. Kanthi aling-alingan arak-arakan
nganten kang diiringi terbang lan jedhor, Kumpeni Walanda lan prajurite Bupati
Blora nyerang Naya Gimbal lan prajurite. Rakyat dhukuh Sambeng akeh sing mati.
Panggonan iki banjur diwenehi jeneng desa Besah dening Naya Gimbal. Lan
wong-wong dhukuh Sambeng ora kena besanan karo wong-wong saka desa Besah. Ing
peperangan iku Naya gimbal ngetokake kasektene nganti ora ana plurune Kumpeni
Walanda kang bisa nembus awake. Nanging pungkasane Naya Gimbal nyerah lan digawa Bupati Blora
menyang Rembang. Dening Residen Rembang Naya Gimbal dilebokake tong, ditaleni,
diskrup, dipaku, banjur diguwak ing laut.sawise kuwi Bupati Blora lan prajurite
bali ing Blora.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar