Kamis, 04 Desember 2014

TATA KRAMA


TATA KRAMA GOLEK ALAMAT WEKTU KESASAR
            Wong yen lagi nyasar iku pancen apes banget, ora ngerti ngetan-ngulon, ora ngerti alamate, arep takon ya kadhang ora wani. Kedadeyan kaya mangkono uga dialami kancaku, Mila jenenge.
            Nalika ing dina Minggu kepungkur, Mila rencanane arep dolan ana ing omahe Fitri, kanca kenalane saka facebook. Mila janjian arep dolan ana ing o,ahe Fitri kang ana ing Perumahan Magersari, blok D nomer 11 Rembang. Ing dina Minggu esuk Mila wis siap-siap arep budhal ana ing omahe Fitri. Dhewekke ora lali pamitan marang ibune.
            Mila     : “ Buk, nyuwun sewu. Kula badhe dolan wonten ing griyanipun Fitri.”
            Ibu       : “ Fitri sapa, nduk ?”
Mila     : “ Fitri menika kanca kenalan kula saking facebook, buk. Griyanipun wonten ing Perumahan Magersari Rembang. Kepareng menapa mboten buk ?”
Ibu      : ” Iya wis. Ndang budhal. Sing ngati-ati.”
Mila     : “ Inggih, buk. Assalamu’alaikum.”
Ibu      : “ Wa’alaikumsallam
            Sawise pamitan karo ibune, Mila banjur nyandhak motore langsung distater banter. Jarak antara omahe karo Rembang kurang luwih 20 menitan. Sawise tekan ana ing gang mebu perumahan kuwi, Mila langsung wae muter-muter golekki alamate Fitri. Ananging Mila tambah bingong, amarga dalan perumahan kuwi mbingungake. Arep takon nanging bingong arep takon sapa, ora ana sapa-sapa ing daerah kana. Mila mutusake kanggo mbalek ana ing ngarep gapura, kang sebelahe ana Pos Satpam. Ora let suwe, Mila wis tekan ana ing Pos Satpam kuwi. Pos kuwi dijaga satpam 2, Mila mutusake kanggo takon marang pak satpam kang jenenge Pak Edi, pawakane gedhe dhuwur, rambute klimis lan awake rada coklat, kira-kira umure isih 32 tahun.
            Mila                 : “ Nyuwun sewu, Pak ?”
            Pak Edi           : “ oh… iya dhik. Ana apa ?”
            Mila                 : “ Kula badhe nyuwun pirsa, Pak ?”
            Pak Edi           : “ Takon bab apa ?”
Mila                   : “ Makaten pak, kula badhe dolan wonten ing griyanipun kanca kula. Nanging kula mboten ngertos griyanipun ingkang pundi ?”
Pak Edi             : “ Lha alamate kuwi ngendi, dhik ?”, “Apa ya perumahan kene ?”
Mila                   : “ Inggih, pak. Alamatipun Perumahan Magersari blok D nomer 11.”
Pak Edi             : “ Ooo… kuwi ta, omahe Pak Indra. Iku adhik mengko lurus bae, mlebu kawasan blok D terus menggok ngiwa. Bar kuwi lurus kiwa dalan, golekana omah kang ana tulisane nomer 11. Lha kuwi omahe pak Indra utawa omahe Fitri putrane.”
Mila                   : “ Makaten pak, matur nuwun. Assalamu’alaikum.”
Pak Satpam       : “ Wa’alaikumsallam.”
Mila ora nyangka, yen satpam kae, kang  prawakanne ngono, ketokane glak, nanging yen wis kenal apik banget. Ora let suwe, Mila tekan ana ing ngarep omah kang ana plang tulusane nomer 11, ing ngarep omah kuwi uga ana Fitri kang wis ngenteni Mila kawit mau. Fitri uga wedi yen Mila ora ngerti omahe, lan nyasar. Fitri langsung ngajak Mila mblebu ana ing omahe, ana ing jero omah Mila nyeritakake kedadeyan mau kang dialamine.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar