Geguritan kalebu jenis puisi jawa
modern. Dene wujud puisi saka tradisional arupa tembang, kalebu tembang
macapat, temabang tengahan, tembang gedhe. Sing kalebu tembang macapat yaiku :
Kinanthi, Pocung, Asmaradhana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, Lan
Dhandhangguna. Sing kalebu tembang tengahan yaiku Megatruh (Dudukwuluh),
Gambuh, Wirangrong, Balabak Lan Juru Demung. Dne tembang gedhe yaiku Girisa.
Puisi
jawa arupa tembang kaikat dening sawenehing peraturan/pathokan.
Pathokan-pathokan ana sajroning tembang kaya sing katulis ing ngisor iki.
1. Guru
gatra tegese cacahing gatra (baris/larik) saben satunggal pada (bait/pupuh).
2. Guru
wilangan tegese cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
3. Guru
lagu / dhong-dhing tegese tibaning swara vocal ana ing pungkasane gatra.
Pangripta
tembang kejaba kudu ngengeti jumlah gatra, guru lagu, lan guru wilangan uga
kudu ngemuti watak-watak saben tembang.
Tuladha tembang :
Mingkar-mingkuring
angkara 8a
Akarana
karenan mardi siwi 11i
Sinawung
resmining kidung 8u
Sunuba
sinukarta 7a
Mrih
kertarta pakartining ngelmu luhung 12u
Kang
tumrap ing tanah jawa 8a
Agama
ageme aji 8i
Geguritan juja
makjujane diango kanthi tujuan nyindir / nyemoni kahanan masyarakat wektu kuwi.
Kajaba saka kuwi uga nduweni unsur pendidikan. Geguritan nduwe gatra kang ora
tetep. Umume (biyen) gatrane kedadeyan saka wolung wanda uga diwenehi ukara ing
gatra kapisan sing unine “sun gegurit”.
Geguritan saiki
wis beda, ngalami owah-owahan. Geguritan padha karo puisi bebas sing ora kaiket
dening cacahe baris saben bait, cacahing wanda saben gatra, ora kudu ana
tembang “sun gegurit”, lan kudu ora ngandhut unsure pendidikan.Tema kango
geguritan iki warna-warna kayata : moral, lingkungan, katresanan, masalah social
lan liya-liyane.
Unsur-unsur
geguritan
1. Tema
2. Pamilihing
Tembung / Diksi
3. Purwakanthi
/ Sajak / Rima, dibagi menjadi 3, yaitu
·
Purwakanthi Swara
·
Purwakanthi Sastra
·
Purwakanthi Basa
4. Amanat
Tuladha
DAKPIKIR
Layangmu
sing teka, laying eluhe jiwa
Dakrengkuh
apa mesthine, daksandhing anyes rasane
Tangismu,
bapak, tangismu
Nyendhal
pancing ing telenge kalbu
Nalika dakwaca surasane basal an ukara
Lan dakpikir jangkane ing jero tengara
Dukamu, bapa, dukamu
Kaya jerune segara jamu
O, kareben anggin kae nggawa wulune
mangsa
Guritan sing dakrakit ceblok ing lemah bera
Bokmenawa
tangan iki wis kelangan guna
Kapujanggan
dadi keris koncatan warangka
Amarga aku wedi kelangan luku
Pangguh dakcecep putinge susu
Ambal
Kebumen, Mei 1997
(Jaya
Baya, No. 46- Tgl. 13 Juli 1997)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar