Minggu, 07 Desember 2014

GAMELAN



Gamelan lan gunane
            Gamelan, basa kramane gangsa lan basa kawine pradangga. Gangsa satemene tembung camboran-wancahan, wutuhe murni tembaga + raja + sa. Tembaga lan rajasa iku arane pelican logam, dicampir lan diluluh digawe gamelan.
Gunane seperangkat racikan gamelan
1.      Kendhang, gunane kanggo pamurba irama
2.      Kethuk, kenong, kepyak,gong, gunane kanggo pamangku irama
3.      Barung, boning gedhe, gunane kanggo pamurba lagu
4.      Demung, slenthem, gunane kanggo pamangku lagu
5.      Gender,gambang,cemplung, gunane kanggo pamangku yatmaka
6.      Rebab, gunane kango pambuka pathet
7.      Suling,siter,keprak,kecer, gunane kanggo murih gayenge swasana.
Laras lan Pathet
1.      Laras, yaiku swara gamelan kang tumata kanthi gumathok. Gumathok kanthi mungguhing rikating kedhere ing dalem wektu kang tertemtu, gumathok mungguhing dhuwure. (Nada Dasar)
Laras Pelog     : 1234567İ
Laras Slendro  : 12356İ
2.      Pathet, yaiku ukuran endhek-dhuwuring gndhing. Ya pathet iku sing nemtokake mapane gendhing ln matesi munggah-mudhuning panabuhe gamelan.
Bentuk (Racikan) Gamelan
1.      Wilahan, yaiku gambang, gender, demung, barung, peking, lan slenthem
2.      Pencon, yaiku gong, kempul, kethuk, kenong, bonag, lsp
3.      Kebukan, yaiku kendhang
4.      Sebulan, yaiku suling, terompet
5.      Saka kawat, yaiku rebab, cemplung, siter
Titi Laras Gamelan
1.      Titi laras gamelan slendro
1 = laras barang
2 = laras gulu
3 = laras dhadha
5 = laras lima
6 = laras nem
2.      Titi laras ing gamelan pelog
1 = laras panunggul (laras ben)
2 = laras gulu
3 = laras dhadha
4 = laras pelog
5 = laras lima
6 = laras nem
7 = laras barang
Katrangan       :
Laras pelog lan laras slendro kang werna-werna iki bisa kagolongake dadi 3 golongan :
1.      Laras cilik, yaiku wiwit saka laras gulune gender-penerus  ing oeragan tengah, sapandhuwur , iku padha karo larase saron-barung.
2.      Laras madya, yaiku wiwit saka laras neme gender-penerus ing perangan tengah, sapangisor.  Iku padha karo larase saron-demung.
3.      Laras gedhe, yaiku wiwit saka laras neme gendher gedhe ing perangan tengah  sapengisor. Iku padha karo laras slenthem.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar