Senin, 15 Desember 2014

CERKAK (CRITA CEKAK)

Crita kelebu salah sawijining ketrampilan Micara. Sing kasebut micara yaiku ngungkapake pikiran lan perasaan sawijining pawongan kanthi sarana tembung-tembung basa.
Unsur-unsur Cerkak
Ana sajroning crita cekak ana rong unsure sing kudu dimangerteni dening pemaos crita.
1.      Unsure Intrinsik
Yaiku unsure sing kedadeyan saka sajroning crita. Tegese unsur-unsur mau kalebu ana ing sajerone crita. Wujud saka unsur intrinsik yaiku :
a.       Liding crita/Tema
Liding crita/tema kuwi punjeraning crita, bab sing ndadekake crita kuwi ana. Biasane cerkak bisa kekadeyan saka liding crita, sing awujud : moral, pribadi/individu/katresnan, social, religious, misteri,lsp.
b.      Paraga lan watake
Paraga tegese pelaku, utawa pawongan sing ngayahi crita. Paraga ana 2 yaiku paraga sentral/utama lan paraga sing mbiyantu nglancarake crita. Dene watake para ana telu,yaiku :
·         Protagonis : Paraga kang watake sarwa apik
·         Antagonis : Paraga kang watage kang nganyelake, ndadekake sing nonton ora seneng.
·         Tritagonis  : Parage sing ndamekake / ngrukunake antaranng paraga protagonist lan antagonis.
c.       Latar panggonan lan latar wektu
·         Latar Panggonan kuwi pangonan kang dianggo sakabehing kedadeyan ana ing sajroning crita mau.
·         Latar Wektu kuwi wektu-wektu sing kedadeyan ana ing sajroning crita. Latar wektu bisa awujud jam/tabuh, dina, sasi, mangsa.
·         Latar Swasana kuwi kahanan nalikaning crita kuwi dumadi.
d.      Dalan crita/ alur crita
Tegese urut-urutaning kedadeyan ana ing sajroning crita. Alur crita ana 3 :
·         Alur maju : crita sing kedadeyan maju, ora ana sing nyritakake babagan kang kawuri
·         Alur mundur    : crita sing kedadeyan mundur, nyritakake kedadeyan saka bab-bab kang kawuri, nembe bab-bab sing kedadeyan saiki.
·         Alur campuran, ana loro jenise :
Ø  Maju-mundur-maju
Ø  Mundur-maju-mundur
e.       Sudut pandang, ana 3      :
·         Pwongan kapisan paraga utama, kang sesebutane aku, nyritakake awake dhewe.
·         Pawongan kapisan paraga sampingan, kanthi sesebutan aku, nyritakake wong liya sing raket sesambungan kalawan aku.
·         Pawongan ketelu tunggal kanthi sesebutan dheweke, nyebut jenenge paraga utama.
f.       Amanat
Tegese hikmah utawa piwulang sing bisa kapethik saka kedadeyan ana ing sajroning crita.
2.      Unsure Ekstrinsik
Unsure ekstrinsik tegese unsure-unsur saka jabaning crita sing nduweni pengaruh marang isine crita. Misale agama, moral, adat.
Tuladha :
Cerita Cekak Bahasa Jawa: Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu

Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke tombak banjur nginceng Gajah lemu kuwi.  Ananging  sakdurunge tombak dioncalake, Gajahe tangi,  marani Pemburu terus nggubet awake pemburu nanggo tlalene.
Si Pemburu  diangkat banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung jurang. Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu sempat ditancepke ning jantunge Gajah.  Si Pemburu mati kejegur njurang,  nanging Si Gajah uga mati amarga jantunge kena tombake Pemburu.
Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara ndana arep negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan mesthi wae bar kerengan terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan lan gadinge Gajah. Nanging dheweke ora kuwat  nggawa loro-lorone. Kudu milih salah siji.  
Saiki Prendis bingung arep milih sing endi.  Sungu Menjangan apik banget yen dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang yen di dol ning kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa ngiras ning Bakso Bangjo, kidul Pasar Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan bakso malang sing komplet jenis baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau ditraktir Pakdhene nang kono, saiki Prendis wis kangen banget pengen mangan meneh. Mengko mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo Pasar Bantu.

Dasar Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske. Penyebape amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel lega lila ngeculke salah siji.

           Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake Macan wis tangi turu terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis wedi banget krungu suara macan, banjur mlayu njrantal ninggalake gading gajah lan sungu menjangan.  Cita-citane arep njajakke kanca-kancane ning Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul lan tuku klambi ning Toko Ijo ora sido kelakon amarga ketungkul ragu-ragu (Undil-2012).


Tidak ada komentar:

Posting Komentar