Minggu, 07 Desember 2014

LAYANG




Sinau Wernaning Layang Jawa
          1.      Layang iber-iber
          2.      Layang Dhawuh
          3.      Layang Ulem
          4.      Layang Kitir
          5.      Layang Lelayu

Perangane Layang Iber-iber Kang Genep
          1.      Adangiyah (Adawiyah)
          2.      Pambuka (Bebuka)
          3.      Isi (Surasa Basa)
          4.      Panutup (Wasana Basa)
          5.      Titimangsa (Tanggal)
          6.      Peprenah
          7.      Tapak Asta (Tanda tangan)

Tuladha
 LAYANG IBER-IBER

Ingkang sembah pangabekti kula katur
Ing panjenenganipun Bapak sekaliyan
Wonten ing Semarang

Nuwun wiyosipun, kula nyaosi pirsa, bilih angsal berkah pangestunipun para sepuh, kula ginanjar wilujeng, pinaringan dening Pangeran bagas kuwarasan. Ingkang kula suwun ing ngriki mekaten ugi.
Kejawi saking menika, sarehning benjing wulan ngajeng  menika kula sampun wonten seminar, mangka kula mboten kagungan arta. Pramila, menawi dhangan ing penggalih saha pinuju wonten, kula nyuwun kintunan arta sacekapipun saperlu badhe kula angge mbayar nderek seminar.
Ing wasana  namung menika atur kula, saha ngajeng-ajeng sanget kintunan arta Bapak. Mbok bilih wonten bilih wonten klenta-klentunipun atur kula saha wonten ingkang boten mranani ing penggalih, kula nyuwun pangapunten. Nuwun.
Semarang, 2 Desember 2014
Sembah pangabekti kula,

Ni’am Shinta


LAYANG KITIR                    
Katur panjenenganipun Kangmas Subandi
Ing dalem
Wiyose kanthi laying iki, yen ndadekake dhangane penggalih lan yen ora kagem piyambak, aku nyuwun kagungane Kendaraan Kijang Inova, arep dakamggo lunga menyang Jakarta, saperlu ngeterake anakku mlebu kuliah.
                                                                                    Semarang, 3 Desember 2014
Ingkang rayi,

Darmawan



LAYANG ULEM
Ingkang Taklim
Nuwun wiyosipun, kula ngaturi wuninga dhumateng panjenengan sekaliyan, bilih menawi boten wonten alangan satunggal menapa, benjang dinten Kemis Wage, surya kaping 11 Desember 2014 menika, kula badhe ngemah-emahaken ana kula estri pun Anindita Surya Kusuma angsal pun Eka Bagus Aryakusuma, putranipun sedherek Sugiyono ing Graha Cendekia Semarang. Dening panggalihipun dipun angkah tabuh 10.00 enjang.
Ingkang menika, panjenengan sekaliyan kula suwun rawuh ing griya kula, Perumahan Graha Cahaya Semarang saperlu njenengi kepanggihipun penganten sarimbit, menapa dening kersa paring berkah pangestu wilujeng dhumateng anak kula penganten kekalih, sumrambah dhumateng sedaya kelwarga.
Ing wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula, menggah rawuhipun panjenengan sekaliyan.
Matur nuwun
                                                                        Semarang, 5 Desember 2014
Taklim kula kekalih

Darmawan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar