Senin, 15 Desember 2014

WACANA NARASI, DESKRIPSI, LAN EKSPOSISI

A.    WACANA NARASI
Wacana Narasi tegese karangan kang nyritakake sawijining crita utawa kedadeyan , nggambarake prastawa (miturut KBBI). Ana maneh tegese wacana narasi kang luwih jangkep, yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya nerangake menawa wacana kang nyritakake kanthi cetha rerangken tumindak sajroning prastawa  kang winatesing sawijining wektu.

Wacana Narasi ana 2 werna, yaiku :
1.      Narasi Eksplositoris
Yaiku wacana kang mung menehi ketrangan lugu utawa apa anane. Narasi eksplositoris iki arep padha karo eksposisi awit ancas kang tinuju titise karangan (informasi) ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Misale berita.
Tuladha :

Cinta laura ngeksis ing Oscar

                        Malam Besar Bintang Hollywood The Oscar ora mung sejarah kanggo pemenange wae. Nanging uga artis ayu saka Indonesia Cinta Laura, 20. Artis Indonesia kelahiran jerman kang pikantuk kesempatan kanggo nekani acara kasebut.
                        Cinta bias teka amarga dhewekke main ana ing film After The Dark. Utawa Philosopher,  kang lagi diputer ana ing AS. “Kuwi dadi salah sijine pertimbangane. Cinta tau main ana ing film Hollywood” tuture Nidya Asisiten Cinta, kang di wawancarai wingi (3/3).
                        Cinta teka ana ing PreOscar lan Oscar ngenakake kebaya. Ing Pre-Oscar yang dianakake sabtu (1/3), dhewekke ngenakake kebaya modern Intan Avantie. Ana ing Oscare dhewekke ngenakake kebaya rancangan Anna Avantie.  (Jawa Pos )
2.      Narasi Sugestif
Yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut kang nganti bisa nggugah pengangen-angen kang maca. Wong kang maca terus njupuk sari utawa makna anyar, kang ora dibeberake kanthi cetha kang ana ing wacana mau. Contone dongeng, novel, roman, lan cerkak, lsp.
            Tuladha :
DASAMUKA NDHUSTHA DEWI SHINTA
                        Rama Wijaya kagungan watak berbudi bawa leksana, jujur, andhap asor, lan seneng tetulung marang sapadha-padha. Negarane ing Ngayodya. Garwane kang ayu sulistya ing warni peparap Dewi Shinta.
                        Nalika semanten, Rama Wijaya lagi cangkrama ing alas Dhandhaka. Sang Dewi kadhustha ratu buta kang awatak budi candhala ajejuluk Prabu Dhasamuka saka Negara Ngalengka.
            Negara Ngalengka kelebu Negara kang sugih berbandha-bandhu kadonyan. Kratone trinetes mas inten raja brana. Mula ora mokal yen sareming tilamsari kang sinulam sutra, agemane pating gebyar, yen dhahar lan ngunjuk sarwa eca.
                        Kocapa, sang Dewi senadyan sinubya-subya barang kang nengsemake, ewa semana atine tansah rontang-ranting. Bebasan dhahar lan ngunjuk datan eca, sare datan sekeca. Kang katon ing padone netra mung kang garwa, Rama Wijaya.
                        Dasamuka ratu digdaya, sekti mandraguna/sekti mahambra, sugih bala, sugih bandha, lan sugih sentana, nanging kuciwane awatak candhala. Mula ing tembe bakal sirna dening watak utama. Ana unen-unen Sura Nira Jayaningrat, Lebur Dening Pangastuti.
(Aruming Basa Jawi I, 2006: 7-8)
BEDANE NARASI EKSPOSITORIS LAN NARASI SUGESTIF
Narasi Ekspositoris
Narasi Sugestif
Njembarake wawasan/ pangerten
Mbeberake makna kang sinandi (ora sebenere)
Mbeberake kaatrangan bab prastawa
Nguripake pangangen-angen (imajinasi)
Adhedhasar nalar supaya  sarujuk
Nalar mung kanggo sinandi (imajinasi)
Basa informative, tembung denotatif
Basa figuratif (ora baku), tembunge konotatif

B.     WACANA DESKRIPSI
Yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha sawijining kahanan (objek). Objek mau kaya-kaya anan ing ngarepe wong kang maca. Objek bisa kedadeyan saka kahanan, prastawa, manungsa, utawa barang.  
            Tuladha :
                        Lemari wesi kelir coklat, kang mapan ana ing pojok kantor guru, wis rusak. Lawange is ora bisa diinepake, tur wis teyengen pisan. Rak-rakane yaw is padha peyok. Mula wis ora kuwat kanggo nyangga buku-buku utawa piranti liyane kanga rep disimpen ana ing jero lemari kana.
C.    WACANA EKSPOSISI
Yaiku wacana kang mbeberake anane analisis proses kanthi cara narasi. Narasi kang mangkono mau diarani narasi ekspositoris utawa narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise karanga (informasi) nganenai sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake pengertene pawongan.
Ana sajroning wacana eksposisi panulis kudu nduweni kawruh utawa pangerten kang cukup bab-bab sing bakal dibeberake. Tanpa kawruh kang mumpuni, mokal panggone sawijining panulis bisa mbeberake sawijining kawruh kanthi terang trawaca, mumpuni.
            Tuladha :
TUKU PITIK
            Tuku pitik ing jaman saiki kudu ngati-ati, amerga akeh pitik utawa sato iwen sing kena flu burung. Antaraning pitik sehat lan pitik sing nandhang lelara bisa dibedakake. Pitik sing sehat kuwi pitik sing trengginas, ora lemes. Saka cucuke ora metu ilere tur rupane abang seger ora aclum. Saka brutune ora mbanyu utawa ora nelek terus tur rupane ora ireng/pucet ning abang seger. Dene pitik sing nandhang lelara kuwi pitik sing lemes, ora nduwe daya. Saka  cucuk lan brutune metu iler/banyune lan rupane aclum.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar