Kamis, 04 Desember 2014

GEGURITAN

Pecahing Tangis
Dening : Shinta Wulandari


Bentere dina kuwi
Tembus jero kulit
Mega ora gelem ngaling-alingi
Kringet mbrebes mili
Ananging panas dumadhakan kaya mendhung
Nalika dak tampa layang swara adhiku
Tinandhang apa adhiku
Adhiku lanang jinerit pecahing tangis tumetes luh
Sira kapeksa bali
Nora cinatur prekara apa
Ora panas ananging petenge langit
Luhku netes tinurut lumaku dalan
Kring kring…. Ana swara
Jebul pak dheku, pak likku, nganti petinggi
Sinaut paweh warta
Warta kang agawe rasaku mati
Bapak kritis…bali ndhuk
Bapak kepengen ketemu awakmu
Bantinku perih, awakku kaku
Bingung, sedeh, kuater, ampek jroning dhadhaku
Pikirku ngumbara ing awing-awang
Dene suwe anggone tekan
Semarang-Demak-Kudus-Pati-Juwana
Tan pedhot nggonku tangisan
Atiku kaya kasendhal
Tumeka dhusun prapatan omahku
Lautan menungsa
Kanthi ageman cemeng, padha anyenyawang aku
Lakuku abot kaseret-seret eluh
Krungu pating jleriting tangisan
Aku dirangkul
Cinatur karo sesenggrukan
Sing sabar ndhuk…
Aku sansaya bingung
Aku mlayu….
Weruh manungsa turu
Ananging selimutan mori
Ora sadar aku ambruk nggeblak
Pangrasaku ngipi
Banjur melek nggoleki Bapak…
Jebul Bapak…
Bapak……….
Aku njerit sanalika
Nganti ati tinilar awakku pak
Dak sontak, dak gugah ana rangkulanku
Ananging Bapak…
Ora nganggas awakku
Aku nora trima
Dak kon leren anggone maca yasin
Bapakku isih urip
Jeritku sansaya gawe tangising Ibuku
Rumangsa entek luhku
Nesuku ginugah, geni atiku amolat
Dak tututi, paran sangkane Bapakku digawa lunga
Dak oyak-oyak
Kobong kaya kasamber bledhek , dyarrrrrr
Kaku kaya es batu rinasa lemah iki
Sikilku dak langkahke jebul pasarean
Laillahaillallah laillahaillallah, bapakku di sunggi…
Swaraku ilang kaya diuntal jagad
Kaya patung, meneng ora bisa guneman
Lemah iku sansaya suwe saya nutupi Bapakku
Bapak….Bapak……
Lemes , kaya geni kaguyur banyu
Aku ambruk

Tidak ada komentar:

Posting Komentar