PARIBASAN
Paribasan
yaiku unen-unen kang wis gumathuk racikane lan mawa teges tertemtu. Dhapukaning
paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (Frase), lan kalebu basa
pinthuk. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathuk, lumrahe
ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karepan kinandhut
ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: Tetandhingan, pepindhahan, utawa
pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa,
utawa sesambungane manungsa lan alam uripe.
Tuladha :
1. Adigang,
adigung, adiguna : aja ngandhalake kekuwatan, kaluhuran, lan kapinteran
2. Ana
catus mungkur : ora gelem ngrungakake
rerasan ora becik
3. Aji
godhong garing : wia ora ana ajine babar
pisan
4. Anak
polah bapa kepradah : wong kang ora
bisa nyimpen wewadi
5. Belo
melu seton : melu kumpul nanging
ora ngerti apa kang dirembug
PARIKAN
Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong
ukara. Ukara sepisan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindhon minangka isi.
Parikan iku kaya pantun nanging bwong rong larik, parikan migunakake
purwakanthi guru swara
Paugerab utawa pathokane parikan, cacahing wanda kapisan,
kudu padhah karo ukara kapindho. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara
sabanjure minangka isi, wos. Tibaning ukara kang kapisan ,kudhu padha karo
ukara sing kapindho. Parikane bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.
Tuladha :
1. Pitik blorok, manak siji. Jare
kapok, malah ndadi
2. Nyangking ember, kiwa tengen.
Lungguh jejer, tamba kangen.
3. Plesir sore, dina ahad. Naksir
kowe, kakeyan ragat.
4. Plesir sore, dina minggu. Naksir
kowe ora kewetu.
SALOKA
Saloka
yaiku unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan.
Nanging kang dipindhahake uwonge.
Tuladha :
1. Gajang
ngidak rapah : wong kang nglanggar
wewalere dhewe
2. Sumur
lumaku tinimba : wong kang
kumudu-kudu dijaluki warah
3. Lahan
korban manis : wong bagus utawa bagus
rupane tur becik bebudine
ISBAT
Yaiku
unen-unen kang ajeg panggonane lan mawa surasa tertemtu. Isbat awujud
racikaning tembung kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan ngemu “pasemon”.
Tembung isbat tegese “katetepan”. Isbat saemper paribasan, tegese lumereg
marang filsafat (mbok menawa luwih trep “falsafah”) lan pasemon. Lumrahe
dianggo istilah, konsep, utawa kredho ing ngelmu tasawuf, makripat, filsafat
utawa falsafah kejawen, utawa ideologi “sangkan parang”.
Tuladha :
1. Awang-awang
uwung-uwung : alam kekosongan
2. Sunyaruri
bumi kapetha sak njeroning siti : Bumi
kang kekubur ing jero lemah
3. Wong
cina landha kari sejodho : wong
cina lan landha urip bebarengan
WASITA ADI
Yaiku unen-unen kang ajeg
panganggone. Ora tetembungane mawa teges entar.
Tuladha :
1. Nggepuk kemiri : gawean
gampang (pekerjaan mudah)
2. Kempladheyan ngejak
sempal : sedhulur ngajak susah (saudara ngajak susah)
3. Ora keris ora keras :
wong mlarat nanging merwabawani (orang miskin tetapi berwibawa)
4. Kethek setanggon :
bebarengan tumindak ala (bersama-sama melakukan hal yang tidak baik)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar