BALADA SITU
BAGENDIT
Aku Bagende Endit
Wong
sugih bandha ing kampung iki
Kabeh
karepku bisa gegayuhan
Aja
rumangsa bisa nyaingi aku
Aku Bagende Endit
Randha kesohor seantero arcapadha
Mripat-mripat jelatah mandheng donyaku
Tangan-tangan jelatah nodhong
bandhaku
Aku
Bagende Endit
Panggonan
ngadu wong kere
Panggonan
singgahe pawongan sudra
Apa
kowe padha nyadhar kabeh
Aku Bagende endit
Suwe anggonku nggagas , suwe
anggonku ngrasa
Emas, inten lan tanah iki mono nyawaku
Aja kok jaluk….. mirea… minggata….
Kowe
kabeh murka amarga nyawaku
Kowe
gawe aku muspra lan musna
Aku
iki bagende Endit
Asma
tiyang kagawa banyu
Saka
lantarane kowe sudra
Tidak ada komentar:
Posting Komentar