Salah sawijining ketrampilan kang ana
ing micara yaiku nelpon utawa dialog pacelathon kanthi piranthi telpon. Ana
sajroning micara, ana bab-bab kang kudu digatekake lan nduweni perbawa/
pengaruh ana ing sajroning micara, yaiku :
1. Kounikator/wong
kang ngendikan
Komunikator tegese pawongan utawa
sekelompok pawongan kang ngudarasa pikiran, rasa, pangrasa, utawa kekarepan
marang wong liya. Komunikator bisa tumindak kanthi pribadi/individual, bisa uga
kolektif/kelompok kang dumadi saka lembaga.
2. Pesen/Topik
omongan
Pesen tegese lambing kang nggawa
pikiran utawa rasa pangrasa saka komunikator. Pesen sing diwedhawarake nganggo
basa utawa lambing liyane awujud omongan utawa topic omongan.
3. Komunikan/pemireng
Komunikasi tegese pawongan utawa sekelompokmpawongan
sing dadi sasaran komunikator nalikaning medharake pesene.
4. Media
Media tegese sarana kanggo
nyalurake pesen-pesen sing diwedharake komunikator marang kounikan. Umume media
sing digunakake sajroning komunikasi kuwi “basa/bahasa”. Sabanjure media bisa
arupa piranti kanggo nglancarake
komunikasi kanthi jarak kang adoh. Yen sing diajak komunikasi amung dumadi saka
wong siji bisa migunakake telepon, menawa akeh bisa pengeras suara, radio, TV,
lsp.
5. Efek
Efek tegese tanggapan/respon
komunikan nalikaning narima pesen saka komunikator. Dadi efek tegese akibate
proses komunikasi. Saka efek thukul interaksi.
Bab-bab kang kudu digatekake yen sawijining pacelathon kuwi mawa piranthi
telepon.
a. Emosi
komunikasi, tegese emosining pawongan kang nelpon ditonton saka basa/idiolek
sing dianggo. Nelpon kuwi senajan ora mangerteni praupane pawongane nanging
bisa ditemtokake aka nada swarane.
b. Status
social, tegese saka ngendi asale si penelepon kuwi, apa agamane, apa gaweyane,
pira umure. Bab-bab kuwi gegayutan kalawan unggah-unggah basa kang diango.
c. Suasanane
pacelathon, tegese suasana kesusu, resmi/formal, informal, akrab, lsp.
d. Latar
micara, latar ning kene tegese panggonan, wektu lan kedadeyan (pesta, suasana
duhkita, lsp).
e. Sesabungan
antarane si nelpon kelawan sing ditelpon.
Tuladha
:
Sing nelpon : Bu Shinta
Sing nampa : Bu Winda
Bu Winda : “Assalamua’alaikum. Menika Bu Winda,
badhe pinanggih sinten nggih ?”
Bu Shinta :
“Wa’alikum salam. O… Bu Winda. Dalem Bu Shinta, Bu. Badhe pinanggih bapak
wonten Ibu ?”
Bu Winda :
“Wah, Bu. Bapak saweg tindak. Wonten ingkang saged kula biyantu ?”
Bu Shinta :
”makaten, Bu. Nyuwun tulung mangke bapak dipunaturi pirsa bilih sepatunipun
sampun dados, saged dipunpendhet benjing. Matur nuwun, Bu. Assalamu’alaikum”
Bu Winda :
“Sami-sami, Bu. Wa’alaikum salam”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar