KARANG BOYO
Ana Kadipaten Tunjung
Pura, Prabu Nendra Jaya nduwe anak lanang siji, jenenge Manggala Jombi. Ing
sawijining dina Nendra Jaya lunga saking Kadipaten Tunjung Pura amarga entuk
undangan saking Kadipaten Kencana. Ana kana lagi ana adicara syukuran.
Sakdurunge
lunga Nendra Jaya mekasi putrane, Manggala Jombi.
“Ngger,
aku titip Kadipaten Tunjung Pura aja kok tinggal lunga sakdurunge aku bali,
amarga Kadipaten ora ana sing njaga. Keris Krida Lawu ora ana sing nunggoni.”
Manggala
Jombi semaur.
“Inggih
rama, sendika dhawuh.”
Ananging
Manggala Jombi lali karo wekasane ramane, dheweke lunga saka Kadipaten arep
ketemu karo Rara Jenggi. Dheweke pengen ketemu karo Rara Jombi amarga wis suwe
banget anggine ngempet kangen. Nalika metu saka Kadipaten tekan dalan jebul ana
sing ngintik’i Manggala Jombi karo Rara Jenggi. Lawe siwer kuwi wis suwe seneng
karo Rara Jenggi ananging tresnane ditampik amarga Rara Jenggi tresnane menyang
Manggala Jombi. Lawe siwer kuwi anake Raja Sentraka saka Kadipaten Brana Soka.
Lawe Siwer nututi lungane Manggala Jombi, atine sansaya panas amarga weruh
Manggala Jombi andum katresnan karo bocah wadon sing ditresnani.
Dheweke
sing maune dikon Ramane ngawat-awati Kadipaten Tunjung Pura, merga karepe
ramane pengen nyolong keris Krida Lawu banjur bali menyang Kadipaten Brana Soka
wadul marang ramane. Kandha yen kahanan Kadipaten Tunjung Pura ora ana sing
njaga. Raja sentraka banjur siap-siap arep nyolong keris Krida Lawu.
Raja
Sentraka lunga menyang Kadipaten Tunjung Pura, ananging ana prajurit akeh sing
lagi siaga kasebar ing siseh-siseh Kadipaten. Raja sentraka ngakali para
prajurit kanthi cara nyamar dadi prajurit kana lan dheweke uga ngetokake
aji-aji sirep supaya para prajurit ngantuk. Dheweke banjur gampang anggone mlebu
kadipaten.
Para
prajurit kuwi bener-bener ora sadar merga kena sirep. Banjur Raja Sentraka
mlebu ana papan panggonan kana kanthi alon-alon lan ati-ati ngleboni kamar siji
mbaka siji nganti ketemu keris krida lawu. Keris kuwi banjur digondol karo metu
alon-alon nyambi ngawat-awati kahanan.
Nendra
jaya wis bar anggone nekani acara syukuran ana ing Kadipaten Kencana. Dheweke
krasa ora penak atine, kuater lan was-was. Banjur dheweke nyuwun pamit lan
nyuwun pangapura amarga kesusu bali. Nendra jaya bali tekan Kadipaten Tunjung
Pura, dheweke weruh ana maling, banjur saklorone adu kasekten. Ananging Nendra
Jaya kalah lan maling kuwi mlayu.
Nalika
Manggala Jombi lagi kangen-kangenan lan gegojekan karo Rara Jenggi, dheweke
kelingan wekasane ramane. Banjur ora kepenak rasa atine lan njaluk pamit karo
Rara Jenggi kesusu ndang bali. Sawise tekan kadipaten Manggala Jombi weruh
ramane lemes merga kalah adu kaseketen karo malingmanggala Jombi krasa yen
dheweke salah. Amarga kesalahane Manggala Jombi nglanggar kesalahane Nendra
Jaya, dheweke diutus lunga ngrebut keris krida lawu sing di colong maling.
Dheweke nyuwun pamit lan nyuwun restune ramane. Manggala Jombi lbanjur lunga
kanggo nggoleki sapa sing nyolong keris kridha lawu. Dheweke lunga menyang
Kadipaten Brana Soka.
Sawise ngukum
putrane lan ngutus putrane ngrebut keris
krida lawu, Nendra Jaya krasa sansaya lemes, merga bar kalah adu kasekten.
Nendra jaya kelangan separo kekuatane, banjur dheweke tapa menyang pinggir kali
Silugangga supaya kekuatane balik maneh.
Sawise
lunga saka kadipaten Tanjung Pura, Manggala Jombi tekan tengah alas. Dheweke
dumadakan di cegat karo tiyang sepuh.
Tiyang sepuh menika Ki Brayat. Dheweke banjur digeret menyang gubuke Ki Brayat.
Ki Brayat ngomong.
“He…Jombi,
aku ngerti yen kowe diutus ngrebut keris krida lawu sing dicolong maling leh?”
“Lha
kok panjenengan ngertos Ki?”
“Saiki
aku takon apa kowe rumangsa wis nduwe sangu kanggo ngrebut kuwi?”
“Dereng
Ki, kados pundi?”
“Yen
ngono aku nduwe sangu kanggo kowe.”
“Sekedap,
panjenengan sinten Ki?”
“Aku
Ki Brayat,aku mungsuhe sing nyolong keris krida lawu.”
“Sinten
Ki ingkang nyolong keris krida lawu?”
“Raja
saka Brana Soka, yaiku Raja Sentraka.”
Manggala
Jombi diajari jurus-jurus lan ilmu-ilmu supaya bisa ngalahake mungsuh. Dheweke diwenehi aji-aji
supaya bisa ngilang. Sawise bisa nguasani aji-aji saking Ki Brayat,
Dheweke nyuwun pamit lan ngucapake matur suwun . Manggala Jombi lunga dhisik
ing dhusun tlaga tirta arep nemoni Rara Jenggi. Dheweke kepengen crita lan
njaluk pandungane Rara Jenggi dhisik.
Nalika
dheweke arep lunga menyang dhusun tlaga tirta. Ana tengah alas dicegat karo prajurit-prajurit
kongkongane Lawe Siwer. Nanging kanthi gampange prajurit-prajurit kuwi bisa
dikalahake. Banjur dheweke nutukake laku. Nanging ora let suwe dumadakan Lawe
Siwer medhot lakune. Banjur saklorone tarung adu kasekten.
Manggala
Jombi takon.
“Sapa
kowe lan apa karepem?”
“Aku
Lawe Siwer, aku ora terima yen kowe karo Rara Jenggi. Aku sing wis suwe tresna
karo dheweke, nanging kowe sing ditresnani.”
“Aku
oranduwe urusan karo kowe, aja medhot dalanku!”
“Aja
kecangkeman, yen kowe lanang ayo mungsuh aku!”
“Tak
turuti,aja sesumbar!”
Nalika
adu kasekten karo Lawe Siwer, lengene Manggala Jombi kena sabetan pedhange Lawe
Siwer. Sawetara Manggala Jombi ambruk, nanging ora suwe dheweke njenggelek,
tangi, banjur ngadek ngunus pedhange. Sanalika Lawe Siwer ketiawasan kena
padhange Manggala Jombi tembus ing dhadhane.
Sawise
bisa mateni Lawe Siwer, Manggala Jombi bali dhisik menyang Tunjung Pura, arep ngobati
lengene. Nganti tumeka ing Tunjung Pura, para prajurit langsung mapah lan
ngobati lengen Manggala Jombi. Sinambi crita karo apa sing kedadeyan menyang
awake kuwi mau. Banjur para prajurit padha sarujuk melu dheweke nyekel sapa
sing maling kerise Ramane.
Sawetara
setengah ari, dirasakna awake wis rada seger dheweke mutusake lunga nggolek
keris kridha lawu di iringi karo para prajurit sing setya. Nanging ana
Kadipaten Brana Soka, Raja Sentraka lagi nandhang kasripahan. Amarga krungu yen
Lawe Siwer mati tarung karo Manggala Jombi, banjur ngutus prajurit supaya
nyekel Manggala Jombi.
Ana
tengah dalan rong pasukan kuwi mau kepethukan, banjur perang padha kuate.
Ananging sing prajurit saka Brana Soka kalah. Panas atine Manggala Jombi ngerti
yen kuwi prajurite Brana Soka, semono uga langsung arep lunga menyang Brana
Soka. Nanging dheweke pencar karo pasukan prajurite kanggo ngepung kadipaten
Brana Soka.
Manggala
Jombi mlaku dhewe, ananging ana tengah dalan dheweke diserang macan, banjur
dheweke ditulungi Ki Brayat. Beja Manggala Jombi ora gena-gena, awake durung
nganti tatu. Banjur barengan karo Ki Brayat arep nyerang Brana Soka. Sawise
tekan Brana Soka, Manggala Jombi mbengok-mbengok ngakon Raja Sentraka metu.
Raja Sentraka muntab, metu lan kedadian tarung sengit. Nanging sempet kalah
Raja Sentraka mlayu menyang alas, amarga krungu swara prajurit-prajurit sing
arep ngepung dheweke. Manggala Jombi nggudak Raja Sentraka sing dumadakan memba
rupa dadi Manggala Jombi. Ananging dheweke ngerti yen kuwi siasate kanggo para
prajurit supaya bingung.
Ki
Brayat sing melu nyusul weruh saka kadohan yen ana lara Manggala Jombi.
“Kanggo
nglabuhi prajurit Tunjung Pura, Raja Sentraka memba rupa dadi Mnggala Jombi.
Banjur prajurit padha bingung.” Ucape Ki
Brayat.
Manggala
Jombi banjur kelingan carane supaya prajurite ngerti ngendi sing asli lan
palsu. Manggala Jombi nduduhake lengene sing kena bekas sabetan perang karo
Lawe Siwer. Banjur Manggala Jombi nantang
Raja Sentraka sing malih rupa dadi awake supaya nduduhake lengene ning
ngarepe para prajurit. Raja Sentraka ora bisa nduduhake lengene amarga dheweke
pancen Manggala Jombi palsu. Yen dheweke nduduhake lengene wis mesthi ketudhuk.
“Yen
kowe pancen Manggala Jombi coba nduduhno lengenmu sing kena sabetan pedhange Lawe
Siwer!” tantang Manggala Jombi marang Raja Sentraka.
Nanging
suwe ora wani jawab, mung keweden merga kethuduk Raja Sentraka banjur perang
karo Manggala Jombi. Manggala Jombi kasil gawe Raja Sentraka klenger. Dheweke
nemokake keris kridha Lawu ing jero rasukane Raja Sentraka. Keris Kridha Lawu
bakal diparingake karo Ramane.
Para
prajurit banjur nggotong Raja Sentraka sing klenger, di gawa menyang Kadipaten
Tunjung Pura. Raja Sentraka banjur diukum mati amarga wis maling keris Kridha
Lawu lan memba-memba dadi Manggala Jombi.
Pungkasaning
cerita, Manggala Jombi krama karo Rara Jenggi, banjur dheweke dipunparingi
wilayah supaya dibabad dadi dhusun. Nalika Jombi lan Jenggi lagi babad alas
kanggo digawe dhusun, dheweke krasa sayah. Saklorone padha ngelih lan arep
mincing dhisik ana ing jomblang tengahing alas. Karepe kanggo madhang wayah
awan, nanging suwe anggone mincing durung entuk-entuk. Saka njero njomblang ana
puseran banyu, banjur Jenggi takon marang garwane.
“Apa
kuwi mas? Kok banyu kuwi muser-muser?”
“Tak
karang kuwi Boyo.” wangsulane Jombi.
Banjur
nalika wis babad dhusun banjur dijenengi Karang Boyo, wargane padha rukun lan
ayem tentrem. Nganti tekan saiki makam Mbah Jenggi lan Mbah Jombi isih dirumat
dening warga dhusun lan dadi penggedhe dhusun Karang Boyo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar