Miturut legenda lan miturut sesepuh ing daerah Lasem,
wonten ing jaman biyen wonten keluarga salah satunggaling keturunan Tionghoa,
ingkang sugih. Manggen wonten ing daerah Lasem. Kaluarga menika namung bapak lan
4 putranipun. Panjenengane asmanipun Han Wie Sing. Garwanipun sampun kapundhut
dangu.
Para putranipun Han menika nggadhahi sifat ingkang boten
patut kangge ditiru, inggih menika sifat kang remen judi. Esuk, sore
penggaweyanipun namung judi mawon. Menika ingkang dadosaken bandhanipun Han Wie
Sing telas. Namung menika boten dadosaken para putranipun panjenengane kapok
lan kendel kaliyan pakulinanipun.
“ Duh...
putra-putraku, apa kowe ora sadar yen pakulinanmu iki, wis gawe kahanane
keluwarga iki saya tambah sangsara lan melarat kaya ngene. Apa kowe ora eleng
yen ibumu kapundhut gara-gara mikirke tumindakmu iki. Apa kowe padha ora gelem
nerusake usaha bapakmu iki. Malah kok adol kabeh bandhaku iki !”
“
Ah … bapak ! Kita sedaya menika boten
bakal nerusaken usahanipun bapak, lan kita sedaya boten bakal ninggalaken
pakulinanipun menika.”
Menika nasehat-nasehat ingkang terus
dikandhaaken kaliyan para putranipun. Han Wie Sing boten kesel-kesel ngendika marang putranipun,
anannging putranipun tetep nindakaken tumindak menika.
Wonten ing sawijining dinten Han Wie
Sing gerah parah, ndadosaken panjenengane kapundhut. Para putranipun bingong
amargi bandhanipun sampun telas kangge judi, dados boten saged ngubur jisimipun
Han Wie Sing. Dumadakan Si sulung gadhah usul menawi para putranipun nyuwun
sumbangan kaliyan para tangga. Saksampunipun kempal sedaya artanipun, para
putranipun boten migunakaken arta menika kangge ngubur jisimipun bapakipun,
ananging kangge judi malih.
Amargi artanipun telas, jisimipun
naming dipun bungkus kaliyan gelaran, boten dilebetaken wonten peti. Lajeng ing
wanci dalu jisim menika digotong menyang kuburan. Dumadakan jawah kanthi deres,
angin kkenceng, bledheg lan kilat padha sesautan. Para putranipun mikir menawi
ngubur jisim menika dipunlajengaken dinten sanes. Ananging ing dinten sanesipun
wanci dalu, para putranipun Han Wie Sing menyang kuburan jisimipun sampun boten
wonten. Ananging wonten kuburan menika wonten pathok kubur ingkang boten wonten
namanipun. Dumadakan keprungu suara.
“ Para putraku, kowe kabeh wis tumindak
ala, ora ngrumati bapakmu iki, ninggalake jisime ana ing kene. Kowe kabeh wis
duraka karo bapakmu iki. Aku ora bakal narima ngapura saka kowe. Teka saiki
kowe kabeh ora oleh manggon ana ing Lasem iki. Yen kowe ngelanggar ucapanku iki
bakal kena pati lan cilaka.”
Para putra Han Wie Sing padha nyuwun
ngapura ing kubur bapakipun lan padha nuruti perintah lajeng ninggalaken tlatah
Lasem. Ngantos sakniki para warga percados. Menapa malih kaliyan Etnis Tionghoa
mboten wonten ingkang nglanggar ngantos sakniki. Lajeng kedadeyan punika
dianggep wonten. Sarta kuburan ingkang dipercados kuburanipun Han Wie Sing
ingkang wonten ing Dusun Babagan Lsem menika ngantos sakniki inggih taksih
wonten wujudipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar