Nyemak yaiku sawijining proses kegiatan nyemak
lambing-lambing lesan kanthi wigati, nduweni pemahaman, apresiasi, serta
interpretasi kanggo entuk informasi, pesen, serta paham maknane komunikasi sing
diwedharake dening wong sing ngomong kanthi piranti basa lisan.
Nyemak wacan nonsastra ing piwulang basa jawa bisa
arupa nyemak wara-wara, pawarta, lan nyemak crita. Nyemak wara-wara, pawarta,
lan nyemak crita mau kalebu nyemk intensif. Tegese nyemak kang dilakoni kanthi
tumemen lan konsentrasi sing mirunggan, intensif-konsentratif. Supaya anggone
nyemak mikolehi asil kang dikarepake ana babagan kang perlu digatekake, yaiku :
1.
Nyiapake fisik lan mental, tegese
kahanan sehat, ora kesel, mental satabil lan pikirane padhang.
2.
Konsentrasi, tegese musatake perhatian
lan pikiran marang apa kang lagi disemak.
3.
Motivasi, tegese nduweni tujuan tetemtu
kang pengin digayuh.
4.
Obyektif, tegese magerteni saben
thek-lkliwere apa kang disemak.
5.
Selektif, tegese ansah milih perangan
penting bab semakan.
6.
Nyemak kanthi wutuh.
7.
Ora gampang keganggu swara-swara
8.
Ngregani pawongan sing ngendikan, ora
ngramehake
9.
Rikat anggone mangerteni kahanan.
(menyesuakan diri)
10.
Ora emosional, ora ngenyek pawongan kang
lagi ngendikan
11.
Kontak kalawan pawongan kang lagi
ngendikan
12.
Ndamel rangkuman
13.
Mbiji materi ingkang di andharake
14. Maringi
tanggapan/komentar
Tuladha
PELANTIKAN JOKOWI-JK
Wonten ing tabuh 10.00 WIB pelantikan Joko widodo(Jokowi) lan Jusuf
Kalla ingkang dados Presiden lan wakil Presiden RI kangge periode 2014-2019
dimulai. Acara penting kasebut dados perhatiannipun warga seantero nusantara
ananging ugi warga manca. Situs The Wall Street Journal ngunggah artikel
ingkang judulipun “Widodo’s Inauguration as indonesia’s President Draws”
nyariosaken tiyang ewunan inkang kempal wonten margi kangge ngrayaaken
pelantikanipun bapak Presiden lan Wakil Presiden Ri ingkang kaping 7.
Pelantikanipun jokowi dipunrawuhi dening tokoh-tokoh dunia, salah
satunggalipun menteri luar Negeri AS john Kerry lan PM Singapura Lee hsien
Loong, sarta PM Australia Tony Abort. Tony Abort ngandaraken menawi Indonesia
menika penting sanget kangge Negara kanguru menika. Langkung 1 yuta warga Australia ngelancong wonten ing
Indonesia, langkung 17 ewu pelajar saking Indonesia ngunjungi Australia.
Nyambut pelantikanipun Jokowi-JK situs Australia (senin
20 Oktober 2014) nayangaken artikel Artikel “Joko Widodo ‘ man of the people’
to become Indonesia’s president”. Sosok merakyat bukan bagian dari ellite,
Joko Widodo akan menjadi presiden Indonesia. Dan tekanan baru akan dimulai.
Grag Felay saka Australian National Univercity anggadhahi
kekarepan menawi Presiden RI ingkang anyar ndamel kebijakan luar negeri ingkang
realisis lan pragmatis.
Sanesipun, situs Voice of
America (VOA) ngangkat artikel “political Outsider Set To Take Helm Indonesia”.
Bahwa Jokowi adalah Presiden RI terpilih pertama yang tidak punya latar
belakang elite politik/militer. Presiden Barack Obama ugi ngirimaken MenLu John
Kerry kangge rawuh wonten pelantkan menika. Situs Malaysia The Star ugi ngabaraken menawi PM Datuk Sri
Tun Abdul Razak ugi rawuh wonten ing pelantikan kasebut.
Ora mung wonten ing Dalem negeri Cannel News Asia,
saluran TV ingkang terkenal wonten ing Asia-Pasifik Ugi nyiaraken kanthi
langsung prosesi pelantikan kesebut.
(Liputan6.com)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar