1.
PENGERTIAN
Tembung
kang nduweni fungsi dadi predikat kang ana ing kalimat. Verna nduweni cirri
morfologis yaiku tembung, aspek lan pesona (jumlah).
2.
CIRI-CIRI VERBA
a.
Perilaku
Morfologis
Yen diamati saka
morfologise verba kuwi gabungan saka morfem afiks lan dasar, reduplikasi karo
dasar utawa kombinasi (campuran) antarane morfim afiks lan morfem reduplikasi.
Tuladhane taksapu, sapua.
b.
Perilaku
Sitaksis
·
Verba bisa
digabunggke karo tembung “ora”, lan ora bisa digabungke karo tembung “dudu”.
Dhewekke ora turu, Dhewekke dudu turu.
·
Verba ora bisa
digabung karo tembung “dhewe”, kango makna superlative. Dadi ora bisa *mbayu
dhewe, *ngimpi dhewe.
·
Verba nduweni
fungsi dadi predikat utawa inti saka predikat kang ana ong kalimat, iso uga
dadi fungsi liyane. Tuladhane kayune
kumambang, gelase pacah.
·
Verba aksi ora
bisa nggabung karo tembung kang maknane kesangatan
. dadi ora bisa digawe dadi *lunga banget,
*ngomong banget.
·
Verba aksi bisa
digabung karo fungsi sintaksis katrangan kang luwih dhisik ditambah tembung
“karo” utawa “kanthi”. Tuladhane, bocah kuwi nyambut gawe karo dolan.
·
Verba aksi bisa
didadekake bentuk printah, yen verba proses lan keadaan ora bisa didadekake
bentuk printah. Tuladhane : Awas !, Sinau !. lan ora ana bentuk kang *Lali!, *Lara!
c.
Perilaku
Semantik
·
Verba aksi
biasane digunakake kanggo njawab pitakonan, yaiku apa kang dilakokake dening
subjek. Tuladhane yaiku Rizka mangan mie
ayam.
·
Verba proses
biasane digunakake kanggo njawab pitakonan, yaiku apa kang dilakokake dening
subjek. Tuladhane Nisa nggawe sega goreng.
·
Verba keadaan
biasane digunakake kanggo njawab pitakon,kang diterapake dening verba aksi lan
verba proses ora bisa dianggo kanggo gawe kalimat printah. Tuladhane bebeke ajeng mati mau sore.
3.
BENTUK LAN MAKNA
MORFOLOGI VERBA
a.
Verba Murni
Verba
dibedkake dai 4, yaiku verba transitif,verba intransitive, verba aktif, verba
pasif.
b.
Verba Non-murni
Yaiku
nomina kang kabentuk saka kelas tembung liyane. nomina non-murni ana 5, yaiku
verba de nomina, verba de adjektiva, verba de numeralia, verba de pronominal,
verba de adverbial. Verba de nomina yaiku verba kang dibentuk saka proses
trasposisi saka tembung nomina. Tuladhane macul, digambar, kesikut, lsp. Verba
de adjektiva yaiku verba kang dibentuk saka transposisi saka tembung adjektiva.
Tuladhane dirusak, kerusak, pinter-pinteran, lsp. Yen verba de numeralia yaiku verba
kang dibentuk saka proses trasposisi saka tembung numeralia. Tuladhane nyewu,
matangpuluh,lsp. Verba de pronominal verba kang dibentuk saka transposisi saka
tembung pronominal. Tuladhane aku à ngaku, ngakoni, diakoni. Verba de adverbial yaiku
verba kang dibentuk saka transposisi saka tembung adverbial. Tuladhane
banter-banteran, mbanterake, ngrindhikake.
Gambar pengkategorian verba.