Senin, 15 Desember 2014

VERBA

1.       PENGERTIAN
Tembung kang nduweni fungsi dadi predikat kang ana ing kalimat. Verna nduweni cirri morfologis yaiku tembung, aspek lan pesona (jumlah).
2.      CIRI-CIRI VERBA
a.       Perilaku Morfologis
Yen diamati saka morfologise verba kuwi gabungan saka morfem afiks lan dasar, reduplikasi karo dasar utawa kombinasi (campuran) antarane morfim afiks lan morfem reduplikasi. Tuladhane taksapu, sapua.
b.      Perilaku Sitaksis
·         Verba bisa digabunggke karo tembung “ora”, lan ora bisa digabungke karo tembung “dudu”. Dhewekke ora turu, Dhewekke dudu turu.
·         Verba ora bisa digabung karo tembung “dhewe”, kango makna superlative. Dadi ora bisa *mbayu dhewe, *ngimpi dhewe.
·         Verba nduweni fungsi dadi predikat utawa inti saka predikat kang ana ong kalimat, iso uga dadi fungsi liyane. Tuladhane  kayune kumambang, gelase pacah.
·         Verba aksi ora bisa nggabung karo tembung kang maknane kesangatan . dadi ora bisa digawe dadi *lunga banget,  *ngomong banget.
·         Verba aksi bisa digabung karo fungsi sintaksis katrangan kang luwih dhisik ditambah tembung “karo” utawa “kanthi”. Tuladhane, bocah kuwi nyambut gawe karo dolan.
·         Verba aksi bisa didadekake bentuk printah, yen verba proses lan keadaan ora bisa didadekake bentuk printah. Tuladhane : Awas !, Sinau !. lan ora ana bentuk kang *Lali!,   *Lara!
c.       Perilaku Semantik
·         Verba aksi biasane digunakake kanggo njawab pitakonan, yaiku apa kang dilakokake dening subjek. Tuladhane yaiku Rizka mangan mie ayam.
·         Verba proses biasane digunakake kanggo njawab pitakonan, yaiku apa kang dilakokake dening subjek. Tuladhane Nisa nggawe sega goreng.
·         Verba keadaan biasane digunakake kanggo njawab pitakon,kang diterapake dening verba aksi lan verba proses ora bisa dianggo kanggo gawe kalimat printah. Tuladhane bebeke ajeng mati mau sore.

3.      BENTUK LAN MAKNA MORFOLOGI VERBA
a.       Verba Murni
Verba dibedkake dai 4, yaiku verba transitif,verba intransitive, verba aktif, verba pasif.
b.      Verba Non-murni

Yaiku nomina kang kabentuk saka kelas tembung liyane. nomina non-murni ana 5, yaiku verba de nomina, verba de adjektiva, verba de numeralia, verba de pronominal, verba de adverbial. Verba de nomina yaiku verba kang dibentuk saka proses trasposisi saka tembung nomina. Tuladhane macul, digambar, kesikut, lsp. Verba de adjektiva yaiku verba kang dibentuk saka transposisi saka tembung adjektiva. Tuladhane dirusak, kerusak, pinter-pinteran, lsp. Yen verba de numeralia yaiku verba kang dibentuk saka proses trasposisi saka tembung numeralia. Tuladhane nyewu, matangpuluh,lsp. Verba de pronominal verba kang dibentuk saka transposisi saka tembung pronominal. Tuladhane aku à ngaku, ngakoni, diakoni. Verba de adverbial yaiku verba kang dibentuk saka transposisi saka tembung adverbial. Tuladhane banter-banteran, mbanterake, ngrindhikake.  
Gambar pengkategorian verba.

NOMINA

1.      PEGERTIAN
Nomina yaiku tembung kang nerangake jeneng-jeneng barang kanthi konkret lan abstrak. Nomina konkret yaiku nomina kang bisa ditangkep nganggo panca indra. Tuladhane kursi, meja, TV. Yen nomina abstrak yaiku nomina kang ora bisa ditangkep nganngo panca indra. Tuladhane kepercayaan, ketuhanan, agama, kepinteran.
2.      CIRI-CIRI NOMINA
a.       Perilaku Morfologis
Cirri kang sifat morfologise ana lan kudu digatekake nganti dadi polimorfemis. Afiks kang gawe nomina : paN = pambujuk, pa- =paweling, lsp. Konfiks kang gawe nomina : ka-/-an, sufiks –an, lsp.
b.      Perilaku Sitaksis
·         Nomina bis nggabung karo tembung “dudu” nanging ora bisa nggabung karo tembung “ora”. Tuladhan:  dudu kembang      *ora kembang
·         Nomina bisa nggabung karo adjektiva, bisa kanthi langsung utawa karo pronomina relative “sing” utawa “kang”. Tuladhan : bocah pinter, bocah kang pinter.
·         Nomina bisa nggabung karo nomina/verbal, kanthi nganggo pewates/modifikator. Tuladha : basa jawa, kembang mawar.
·         Nomina bisa nggabung karo pronominal persona/karo enklitik pronominal –ku, -mu, dadi pewatas posesif. Tuladha : klambimu, sepedhaku.
·         Ana ing kalimat kang predicate verba, nomina bisa dadi S,O, utawa pelengkap (jangkepan).
c.       Perilaku Semantik
Perilaku semantic bisa kanggo pengacu kanggo unsur kang nyata, bisa arupa wong, kewan, wit-witan, gagasan, lsp.

3.      PENGKATEGORIAN NOMINA
a.       Nomina monomorfemis lan nomina polimorfemis
b.      Nomina tunggal lan nomina ora tunggal
c.       Nomina generik lan nomina spesifik
d.      Nomina umum lan nomina khusus
e.       Nomina abstrak lan nomina konkret
f.       Nomina insani lan nomina ora insan
g.      Nomina nama diri lan ora nama diri

4.      BENTUK LAN MAKNA MORFOLOGI NOMINA
a.       Nomina Murni
Yaiku nomina kang asli saka kelas nomina kuwi dhewe. Ora kabentuk saka kelas tembung liyane. tuladhane meja, kursi, kalurahan, dewa, dewi, panabuh, lsp.
b.      Nomina Non-murni

Yaiku nomina kang kabentuk saka kelas tembung liyane. nomina non-murni ana 3, yaiku nomina de verbal, nomine de adjektiva, nomina de numeralia. Nomina de vernal yaiku nomina kang dibentuk saka proses trasposisi saka tembung verba. Tuladhane panguripan, panggorengan, tanduran, lsp. Nomina de adjektiva yaiku nomina kang dibentuk saka transposisi saka tembung adjektiva. Tuladhane pangayom, panglipur, wewangi, pasucen, lsp. Yen nomina de numeralia yaiku nomina kang dibentuk saka proses trasposisi saka tembung numeralia. Tuladhane prapapan, atusan, puluhan,lsp.  

MORFOLOGI

Morfologi yaiku cabang linguistik kang ngidentifikasi satuan-satuan dasar basa kango satuan gramatikal. Utawa morfologi yaiku ilmu kang nyianoni utawa ngrembag ngrembag babagan tata tembung lan kajian gramatikal, struktur internal tembung, cakupane tembung, bagian-bagian tembung lan pembentukan tembung-tembung.
Morfem yaiku menika susunan kang paling cilik pembentuk tembung.
Tuladha :
Ny + sate = nyate                                M + pecel = mecel
Ng + sop = ngesop                              N + tongseng = nongseng
Morf yaiku kumpulan saka morfem kang nduweni fungsi lan makna  kang padha. Sifate konkret.
Tuladha :
Di + gawa = digawa
Ke + gawa = kegawa
Alomorf yaiku variasi saka morfem utawa perubahan morfem amerga lingkungane.
Sa + gelas = sagelas
Se + gelas = segelas
Sak + gelas = sakgelas

Proses  Morfologi
Proses Morfologi uga bisa kasebut pembentukan tembung. Proses pembentukan tembung ana 5 yaiku :
1.      Afiksasi yaiku pembentukan tembung kang nambahake afiks kang ana ing tembung dasare. Bagian saka afiksasi yaiku Presfik, Sufiks, Infiks, konfiks. Prefiks yaiku afiks kang dideleh ana ing sangarepe tembung dasare, misale di+gawe = digawe. Sufiks yaiku afiks kang dideleh ana ing sakmburine tembung dasare, kayata atus + an = atusan. Isfiks yaiku afiks kang diseselake ana ing tengah-tengahing tembung dasar, kayata in+sawang = sinawang. Konfiks yaiku afiks kang diselehake ana ing ngarep lan mburine tembung dasare, kayata ke-/-an + maling = kemalingan.
2.      Reduplikasi yaiku proses morfemis kang ngulang tembung dasar karo mrfem dasar kang bebas utawa terikat. Tuladhane yaiku mlayu-mlayu, lunya-lunyu.
3.      Komposisi yaiku proses nggabungake morfem dasar kaliyan morfem dasar kang bebas utawa terikat. Tuladhane yaiku wong+tuwa = wong tuwa, semar+mendem = semar mendem.
4.      Modifikasi ana 2 yaiku morfologi zero lan morfologi internal. Modifikasi zero utawa konversi yaiku perubahan saka kelas 1 mara ing kelas kata lyane. Tuladhane camat- kecamatan. Pacul – macul. Modifikasi intelnal namung dipelajari ana ing basa inggris.
5.      Pemendekan  yaiku proses morfemis kang mendekake utawa ngurangi bagian-bagian morpheme. Tuladhane UGM, Puskesmas, UKS.
Proses Infleksional lan Proses Derivasional
1.      Proses Infleksional
Yaiku proses perubahan tembung kang ngubah bentuke tapi ora ndadekake perubahan maknane utawa bentuk leksikale. Uga bisa ngubah kelas katane  
Tuladha : gawa dadi nggawa = makane tetep
2.      Proses Derivasional
Yaiku proses perubahan bentuk tembung kang ngubah bentuke lan uga ngubah maknane.

Tuladha: camat dadi kecamatan = kecamatan digawe utawa saka camat. Kecamatan mengacu karo pangonane (tempat), yen camat mengacu karo uwonge (orangnya).

WACANA NARASI, DESKRIPSI, LAN EKSPOSISI

A.    WACANA NARASI
Wacana Narasi tegese karangan kang nyritakake sawijining crita utawa kedadeyan , nggambarake prastawa (miturut KBBI). Ana maneh tegese wacana narasi kang luwih jangkep, yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya nerangake menawa wacana kang nyritakake kanthi cetha rerangken tumindak sajroning prastawa  kang winatesing sawijining wektu.

Wacana Narasi ana 2 werna, yaiku :
1.      Narasi Eksplositoris
Yaiku wacana kang mung menehi ketrangan lugu utawa apa anane. Narasi eksplositoris iki arep padha karo eksposisi awit ancas kang tinuju titise karangan (informasi) ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Misale berita.
Tuladha :

Cinta laura ngeksis ing Oscar

                        Malam Besar Bintang Hollywood The Oscar ora mung sejarah kanggo pemenange wae. Nanging uga artis ayu saka Indonesia Cinta Laura, 20. Artis Indonesia kelahiran jerman kang pikantuk kesempatan kanggo nekani acara kasebut.
                        Cinta bias teka amarga dhewekke main ana ing film After The Dark. Utawa Philosopher,  kang lagi diputer ana ing AS. “Kuwi dadi salah sijine pertimbangane. Cinta tau main ana ing film Hollywood” tuture Nidya Asisiten Cinta, kang di wawancarai wingi (3/3).
                        Cinta teka ana ing PreOscar lan Oscar ngenakake kebaya. Ing Pre-Oscar yang dianakake sabtu (1/3), dhewekke ngenakake kebaya modern Intan Avantie. Ana ing Oscare dhewekke ngenakake kebaya rancangan Anna Avantie.  (Jawa Pos )
2.      Narasi Sugestif
Yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut kang nganti bisa nggugah pengangen-angen kang maca. Wong kang maca terus njupuk sari utawa makna anyar, kang ora dibeberake kanthi cetha kang ana ing wacana mau. Contone dongeng, novel, roman, lan cerkak, lsp.
            Tuladha :
DASAMUKA NDHUSTHA DEWI SHINTA
                        Rama Wijaya kagungan watak berbudi bawa leksana, jujur, andhap asor, lan seneng tetulung marang sapadha-padha. Negarane ing Ngayodya. Garwane kang ayu sulistya ing warni peparap Dewi Shinta.
                        Nalika semanten, Rama Wijaya lagi cangkrama ing alas Dhandhaka. Sang Dewi kadhustha ratu buta kang awatak budi candhala ajejuluk Prabu Dhasamuka saka Negara Ngalengka.
            Negara Ngalengka kelebu Negara kang sugih berbandha-bandhu kadonyan. Kratone trinetes mas inten raja brana. Mula ora mokal yen sareming tilamsari kang sinulam sutra, agemane pating gebyar, yen dhahar lan ngunjuk sarwa eca.
                        Kocapa, sang Dewi senadyan sinubya-subya barang kang nengsemake, ewa semana atine tansah rontang-ranting. Bebasan dhahar lan ngunjuk datan eca, sare datan sekeca. Kang katon ing padone netra mung kang garwa, Rama Wijaya.
                        Dasamuka ratu digdaya, sekti mandraguna/sekti mahambra, sugih bala, sugih bandha, lan sugih sentana, nanging kuciwane awatak candhala. Mula ing tembe bakal sirna dening watak utama. Ana unen-unen Sura Nira Jayaningrat, Lebur Dening Pangastuti.
(Aruming Basa Jawi I, 2006: 7-8)
BEDANE NARASI EKSPOSITORIS LAN NARASI SUGESTIF
Narasi Ekspositoris
Narasi Sugestif
Njembarake wawasan/ pangerten
Mbeberake makna kang sinandi (ora sebenere)
Mbeberake kaatrangan bab prastawa
Nguripake pangangen-angen (imajinasi)
Adhedhasar nalar supaya  sarujuk
Nalar mung kanggo sinandi (imajinasi)
Basa informative, tembung denotatif
Basa figuratif (ora baku), tembunge konotatif

B.     WACANA DESKRIPSI
Yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha sawijining kahanan (objek). Objek mau kaya-kaya anan ing ngarepe wong kang maca. Objek bisa kedadeyan saka kahanan, prastawa, manungsa, utawa barang.  
            Tuladha :
                        Lemari wesi kelir coklat, kang mapan ana ing pojok kantor guru, wis rusak. Lawange is ora bisa diinepake, tur wis teyengen pisan. Rak-rakane yaw is padha peyok. Mula wis ora kuwat kanggo nyangga buku-buku utawa piranti liyane kanga rep disimpen ana ing jero lemari kana.
C.    WACANA EKSPOSISI
Yaiku wacana kang mbeberake anane analisis proses kanthi cara narasi. Narasi kang mangkono mau diarani narasi ekspositoris utawa narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise karanga (informasi) nganenai sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake pengertene pawongan.
Ana sajroning wacana eksposisi panulis kudu nduweni kawruh utawa pangerten kang cukup bab-bab sing bakal dibeberake. Tanpa kawruh kang mumpuni, mokal panggone sawijining panulis bisa mbeberake sawijining kawruh kanthi terang trawaca, mumpuni.
            Tuladha :
TUKU PITIK
            Tuku pitik ing jaman saiki kudu ngati-ati, amerga akeh pitik utawa sato iwen sing kena flu burung. Antaraning pitik sehat lan pitik sing nandhang lelara bisa dibedakake. Pitik sing sehat kuwi pitik sing trengginas, ora lemes. Saka cucuke ora metu ilere tur rupane abang seger ora aclum. Saka brutune ora mbanyu utawa ora nelek terus tur rupane ora ireng/pucet ning abang seger. Dene pitik sing nandhang lelara kuwi pitik sing lemes, ora nduwe daya. Saka  cucuk lan brutune metu iler/banyune lan rupane aclum.

TATA KRAMA : TATA CARA TELPON

Salah sawijining ketrampilan kang ana ing micara yaiku nelpon utawa dialog pacelathon kanthi piranthi telpon. Ana sajroning micara, ana bab-bab kang kudu digatekake lan nduweni perbawa/ pengaruh ana ing sajroning micara, yaiku :
1.      Kounikator/wong kang ngendikan
Komunikator tegese pawongan utawa sekelompok pawongan kang ngudarasa pikiran, rasa, pangrasa, utawa kekarepan marang wong liya. Komunikator bisa tumindak kanthi pribadi/individual, bisa uga kolektif/kelompok kang dumadi saka lembaga.
2.      Pesen/Topik omongan
Pesen tegese lambing kang nggawa pikiran utawa rasa pangrasa saka komunikator. Pesen sing diwedhawarake nganggo basa utawa lambing liyane awujud omongan utawa topic omongan.
3.      Komunikan/pemireng
Komunikasi tegese pawongan utawa sekelompokmpawongan sing dadi sasaran komunikator nalikaning medharake pesene.
4.      Media
Media tegese sarana kanggo nyalurake pesen-pesen sing diwedharake komunikator marang kounikan. Umume media sing digunakake sajroning komunikasi kuwi “basa/bahasa”. Sabanjure media bisa arupa piranti  kanggo nglancarake komunikasi kanthi jarak kang adoh. Yen sing diajak komunikasi amung dumadi saka wong siji bisa migunakake telepon, menawa akeh bisa pengeras suara, radio, TV, lsp.
5.      Efek
Efek tegese tanggapan/respon komunikan nalikaning narima pesen saka komunikator. Dadi efek tegese akibate proses komunikasi. Saka efek thukul interaksi.

Bab-bab kang kudu digatekake   yen sawijining pacelathon kuwi mawa piranthi telepon.
a.       Emosi komunikasi, tegese emosining pawongan kang nelpon ditonton saka basa/idiolek sing dianggo. Nelpon kuwi senajan ora mangerteni praupane pawongane nanging bisa ditemtokake aka nada swarane.
b.      Status social, tegese saka ngendi asale si penelepon kuwi, apa agamane, apa gaweyane, pira umure. Bab-bab kuwi gegayutan kalawan unggah-unggah basa kang diango.
c.       Suasanane pacelathon, tegese suasana kesusu, resmi/formal, informal, akrab, lsp.
d.      Latar micara, latar ning kene tegese panggonan, wektu lan kedadeyan (pesta, suasana duhkita, lsp).
e.       Sesabungan antarane si nelpon kelawan sing ditelpon.
Tuladha : 
Sing nelpon : Bu Shinta
Sing nampa     : Bu Winda
 Bu Winda           : “Assalamua’alaikum. Menika Bu Winda, badhe pinanggih sinten nggih ?”
Bu Shinta            : “Wa’alikum salam. O… Bu Winda. Dalem Bu Shinta, Bu. Badhe pinanggih bapak wonten Ibu ?”
Bu Winda            : “Wah, Bu. Bapak saweg tindak. Wonten ingkang saged kula biyantu ?”
Bu Shinta            : ”makaten, Bu. Nyuwun tulung mangke bapak dipunaturi pirsa bilih sepatunipun sampun dados, saged dipunpendhet benjing. Matur nuwun, Bu. Assalamu’alaikum”

Bu Winda            : “Sami-sami, Bu. Wa’alaikum salam”

WAYANG RAMAYANA : KIDANG KENCANA

Kacariyos lakon asmara Rama lan Shinta. Bocah loro sarwa edipeni. Wis katon pantes banget nalika sawayah-wayah mrono-mrene tan nora ninggal satunggaling. Kaya mimi lan mintuna, kaya lintang lan wengi, kaya dhalang lan wayang, ingkang ora bisa kapisah. Dene tresnane Rama marang Shinta sansaya tambah amarga Shinta kuwi bocah wadon sing ayune ora kinaruan. Alise katon nanggal sepisan. Netrane tansah ndamar kanginan. Idepe tumenga ing tawang. Irunge kencana pinantar. Pipine nduren sajuring,mula yen mesem pipine dekik manis banget. Untune miji timun. Pundhake nraju mas. Rambute ngembang bakung. Slirane sedhet singset. Lambeane mblarak sempal. Bangkekane nawon kemit. Bokonge manjang ngilang. Dhadhane nyengkir gading. Dene eseme madu wae kalah. Sansaya suwe disawang sansaya pantes, sansaya ayu ora nggawe bosen.
Rama ya semono uga,ganthenge wong sadesa dadi siji. Brengose nglaler menclok. Godhege simbar rumembun. Gulune ngolan-olan, mula salakune dadi pantes. Pakulitane ngulit langsep. Pawakane gagah pideksa. Polatane ruruh jatmika. Solahe merak ati, mula akeh bocah wadon sing kepincut. Swarane ngombak banyu lan ulate sumeh. Yen lumaku wong leloro dadi katon endah banget. Sing lananggagah tur bagus. Sing wadon ayu nanging ora kemayu. Gawe seneng wong sing nyawang.
Ing sawijining dina Rama, Shinta, lan Lesmana ana ing wana. Lagi bubar nglampahi paukuman suwene limolas taun. Lesmana menika rayininipun Rama. Dene wana kuwi anggege tirta sah saking wasana. Nalika wong telu kuwi ngaso ana wana, banjur dumadakan ana kidang elok banget. Sungune dawa tur rupa wulune kuwi rada emas. Kidang kuwi playon ana sangarepe wong telu kuwi. Shinta kepincut atine, karepe pengin nduweni kidang kuwi. Banjur nyuwun marang garwane supaya ngentukake kidang kuwi kanggo dheweke. Amarga tresnane Rama sing banget gedhene, dheweke ora bisa nolak panjalukke Shinta. Ananging sadurunge Rama lunga arep nyekel kidang kuwi, dheweke aweh pesen marang Lesmana. “ Rayi aku titip mbakyumu Shinta, aja nganti kok tinggal dhewe ana wana kene. “ Banjur lesmana semaur “inggih kangmas dak eling-eling wekasanmu. Ora bakal aku ninggal mbakyu shinta ana wana kene dhewe.”
Banjur Rama mangkat golek kidang kencana kuwi kanggo Shinta. Kidang kuwi mlayu nganti tekan jeroning alas. Sansaya jero sansaya peteng, amarga cahyaning surya ora bisa nembus tengah wana kuwi. Peteng remeng-remeng sing katon mung ayang-ayang kidang kencana kuwi. Amarga pegel atine, sanalika Rama langsung ngunus lan ngeculake panahe. Banjur pas kena awakke kidang kencana kuwi. Kidang kencana ambruk ana lemah, ananing dumadakan ilang barengan karo swara raseksa Kala Marica. Yakuwi buta saka Alengka. Kongkonane Rahwana. Swara kuwi hangemba-emba kaya swarane Rama jaluk tulung menyang Lesmana yen Rama ketekan cilaka.
Shinta lan lesmana sing hanganti-anti tekaning Rama uga krungu swara kuwi. Rama krasa ora kepenak atine, kelingan marang Shinta. Sanalika Rama langsung bali arep mesthekake kahanane Shinta. Shinta sing krungu swara mau langsung trataban atine kuater marang kahanane Rama. Lesmana sing wis ngerti babagan kekuatane kangmase ora nduwe rasa kuater. Amarga dheweke ngerti yen kangmase sekti mandraguna. Shinta nyuwun karo Lesmana supaya nyusul lan mesthekake priye kahanane kangmase. Lesmana ora gelem, amarga wis janji menyang kangmase yenora bakal ninggal Shinta dhewe ana wana kana. Lesmana wis ngemutake dening Shinta yen swara kuwi dudu swarane Rama. Ananging  saking gedhe rasa tresnane Shinta lan dheweke kuater ana apa-apa menyang Rama. Ora dinyana-nyana, Shinta kebacut ngendika ora kepenak marang Lesmana.  Ngene ngendikane Shinta “ saiki aku ngerti, pie sejatine awakmu. Kowe ora gelem nyusul kangmasmu amarga meneng-meneng kowe kepengin nduweni aku. Yen kangmasmu kena apa-apa...” durung tutuk anggone ngendika wis diselani Lesmana. “aku wani sumpah yen aku ora nduweni pikiran kaya ngono kui mbakyu. Mung sethithik wae aku ora nduwe. Aja kok arani awakku sakepenakmu”.
 Amarga loro ati karo omongane Shinta, Lesmana nyanggupi panjalukke Shinta. Ananging ana wana kana, Shinta digawekake garis bunderan lan ora oleh metu saka garis kuwi. Lesmana gawe kaya ngono kuwi supaya ora ana sing isa nyalahi Shinta menawa dheweke ninggal Shinta ana wana kana dhewekan. Kanggo netepi janjine marang kangmase. Lan ora ana sing isa mlebu kana, sapa wae kuwi. Shinta ora oleh metu saka kana nganti Lesmana lan Rama bali menyang panggon kuwi maneh.
Bubar anggone gawe garis bunderan  Lesmana langsung lunga nyusul kangmase. Rama atine wis ora karu-karuan. Mikir kahanane Shinta saiki kepriye. San saya ora karuan nalika dheweke kepethuk karo adhine ana tengah wana. Banjur arep takon menyang adhine, ananging sadurunge takon adhine wis cerita dhisik alasane ninggal Shinta dhewe ana wana kana. Bubare Lesmana crita anggone ninggal Shinta, Rama ngerti yen kedadeyan kuwi reka-rekane Rahwana. Raseksa bengis sing tresna lan kepengin nduweni Shinta. Kesusu anggone mlaku nganti kesandhung-sandhung samubarang apa sing ana lemah, Rama kuater yen Shinta dicolong Rahwana.
Ana wana kuwi Shinta gumun, amarga ing wana kaya ngono lha kok ana simbah-simbah golek kayu. Banjur simbah kuwi nyuwun toya amarga ngelak anggone golek kayu lali ora sangu banyu. Ananging kuwi namung akal-akalane Rahwana wae. Ngerti yen Shinta iku ora tegel yen weruh kaya ngono kuwi. Pancen watake Shinta sing sayang karo sapa wae. Nalika Shinta arep menehi toya tangane ngluwihi garis bunderan sing digawekake menyang Lesmana mau. Banjur tangane digeret simbah kuwi lan dumadakan wujude malih asline, yaiku Rahwana. Raseksa elek tur bengis. Shinta tiba ana rangkulane Rahwana lan ora isa obah. Langsung arep digawa mabur lunga menyang kahyangan. Lagi wae anggone mabur, dumadakan ana peksi garuda sing arep nulungi Shinta. Peksi kuwi nduweni jeneng yaiku Jatayu. Ananging nalika gelut karo Rahwana, Jatayu kena sabetan pedhange Rahwana. Getihe gobrah-gobrah, banjur tiba ana bumi. Awake kebak getihe ananging dheweke isih urip. Langsung Shinta digawa lunga menyang Alengka menyang Rahwana.
Rama lan Lesmana tekan panggonne Shinta mau, ananging Shinta wis dicolong dening Rahwana. Ketilapan anggone njaga Shinta wis digawa lunga. Bingung anggone nggudak kepriye, banjur neruske laku. Ora adoh saka panggon kuwi mau, Rama lan Lesmana kepethuk Jatayu sing lagi sekarat mau. Sadurunge nemoni pati, Jatayu isih sempet cerita yen Shinta dicolong Rahwana lan digawa menyang kraton Alengka. Talingan sir sinebit, rasa angkara murkane Rama metu amarga Shinta dicolong raseksa elek tur bengis. Sawise crito marang kahanane Shinta mau, Jatayu banjur nemoni pati. Nesu rasa ora trima amarga Rahwana wis dadi jalaran patine engonane mau lan nggawa lunga Shinta, Rama janji jroning atine bakal mbales patine Jatayu lan nggawa bali Shinta. Amarga matine Jatayu netepi darmane, banjur Rama lan lesmana nyuwun marang dewa-dewa kang agung. Supaya gugure Jatayu bisa sempurna moksa, banjur ragane Jatayu ilang munggah ana swarga barengan karo sukmane Jatayu.
Ana ndalan menyang Alengka, Rama lan Lesmana kepethuk karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama. Nalika ana tengahing alas, padha mireng swara wong nangis pating jlerit. Banjur padha golek saka ngendi asale swara kuwi. Sawise ketemu asale swara kuwi, jebul saka kethek sing kecepit ana silangan wit gedhe. Rama banjur nulungi kethek sing kecepit kuwi. Kethek kuwi ngomong yen dheweke kuwi raja ing Guwakiskendha, anduweni jeneng minangka Sugriwa. Dhewekke padhu karo kakange sing jenenge Subali. Amarga padhu kuwi banjur dhewekke dicepitke ana silangan wit. Banjur kanggo ngrebut Guwakiskendha Sugriwa karo Subali adu tanding kasekten, Sugriwa diewangi dening Rama. Rama ngeculake wastra pusaka Gumawijaya. Sanajan resi Subali nduweni Ajian Pancasona, nanging tetep kalah mungsuh Rama. Banjur Sugriwa bisa dadi raja meneh ana Guwakiskendha.
Kanggo mbales budine Rama sing wis aweh pitulungan marang Sugriwa, banjur Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo nulung Rama ngrebut Shinta saka Prabu Dasamuka ora liya Rahwana kuwi. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki menyang ngendi Shinta didelikake lan uga menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne kraton Alengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadyabala Alengka. Karepe Anoman arep diobong, nanging Anoman banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong kraton Alengka, kajaba taman Argasoka, panggone Shinta didhelikake Rahwana.

Banjur wasanane kedadean perang gedhe kraton Pancawati lan kraton Alengka. Wadyabalane alengka wujud buta-buta lan wadyabalane pancawati wujud kethek-kethek balane Sugriwa. Wadyabala bala lan senapati Alengka akeh sing ketiwasan. Pancawati menang, banjur sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya. Ananging susah atine Shinta amarga ora bisa katampa dening Rama. Amarga Shinta wis dianggep ora suci maneh dening Rama. Priye carane supaya bisa ditampa maneh dening rama, banjur Shinta sesuci lan reresik awake saka geni mau. Sawise sesucen lagi bisa ditampa dening Rama. Wong sakloron kuwi urip mulya nganti tumekaning pati.