Minggu, 11 Januari 2015

BENTENIPUN TEMBANG LAN MANTRA

Tembang inggih menika syair ingkang dilagukaken  (kangge dipulagukaken).Tembang menika kapara dados sekawan :
1.      Tembang cilik inggih menika tembang ingkang dipuntata kanthi cara enggal (dipunpirsani saking jumlah larik suku tembung, lan vocal wonten ing tembang menika wonten ing jaman mataraman.)
2.      Tembang gedhe inggih menika tembang ingkang dhasaripun saking jumlah larik suku tembung lan vocal  wonten pungkasan larik saking tembang-tembang ingkang saking wonten jaman purwanipun kerajaan  Surakarta.
3.      Tembang tengahan inggih menika tembang ingkang tembung-tembungipun saking basa jawi tengahan.
4.      Tembang dolanan inggih menika tembang ingkang dipundamel kangge bocah-bocah cilik lan tembungipun gampil dipunemut-emut .
Mantra inggih menika tetembungan utawi pangucap ingkang nggadahi kekuatan gaib lan padatanipun saged nambani tiyang gerah utawi saged dugikaken cilaka. Tuladhanipun :
Niyat ingsun amatek ajiku Pangimpen Asmara,
Dahnyang gunung dahnyang segoro,
Dahnyang langit dahnyang bumi,
Impenku dadiya nyata tumrap ….(nama wong kang dipuntuju)
Sinduka sunkalantaka klingkang klingking guluku sada iking,
Wetengku saciplukan woyah wayih godho ngiras,
Niat ingsun pangirim banyu kencana suksma sejatine siKarmadi,
Ti ilir kepasir kumbang daya awaking pangarikun suksma sejatine
Si…(nama wong kang dituju)
Wanatuljin.

Menika mantra  tumprap tiyang jawi wonten ing jaman rumiyin dipunpitados sagedn dadosaken tiyang ingkang dipunremeni ngimpenke salirane. Ananging, pitados menapa mboten sedaya menika gumantung panjenengan ingkang beriman. Tulisan kula menika dadosaken tambahan ilmu kemawon para kanca. Matur suwun..

WARNA-WARNA WAYANG

Wayang inggih menika aran kang awujud karakter tokoh saka cariyos Mahabarata lan  Ramayana ugi saged tokoh sanes ingkang dipundamel saking kulit sapi utawi kulitwedhus lan sanes-sanesipun.
            Sastra Pewayangan inggih menika karya sastra ingkang nyariosaken kauripan pewayangan saking mangsa ing mangsa ingkang dipunparingi unsur-unsur kasebut.
            Wayang wonten kathah maneka warna, tuladha :
1.      Wayang kulit purwa  : wayang ingkang naming nyariosaken babagan cariyos Mahabarata utawi Ramayana.  Wayang menika dipundamel saking kulit sapi utawi kulit wedhus.
2.      Wayang golek  : wujud wayang menika kados wujudipun manungsa lan ugi nyariosaken cariyos Mahabarata, Ramayana, cariyos Nabi Muhammad, lan cariyos kerajaan-kerajaan ing tanah jawi lan sunda. Wayang menika dipundamel saking kayu.
3.      Wayang klithik : wayang saking daerah pantura (pantai utara) ingkang nyariosaken babagan cariyos kerajaan ing Jawa Timur.
4.      Wayang suket : wayang saking suket nyariosaken sedaya ingkang wonten ing cariyos wayang. Wayang menika anggitanipun Slamet Gandana.
5.      Wayang wong : menungsa ingkang dados  wayang kasebut lan nyariosaken Mahabarata lan Ramayana.
6.      Wayang wahyu : wayang menika nyariosaken perjalanan Nabi Isa kangge syiar agama Nasrani.
7.      Wayang jemblung : wayang menika iringanipun mboten gamelan  ananging saking tutuk menungsa. Menawi wonten ing basa Indonesia akapela.
8.      Wayang pancasila : wayang menika nyariosaken perjuangan Negara Republik Indonesia nalika jaman penjajahan.
9.      Wayang kancil : wayang menika nyariosaken babagan kewan-kewan lan kepinterane kancil.
Wonten ing pewayangan wonten ingkang kawastanan wayang simpingan lan wayang sabetan. Wayang simpingan inggih menika wayang ingkang dipunjejer lan mboten dipunginakaken wonten lakon, ananging dipunpasang kemawon wonten ing sisih kiwa lan tengen. Wonten ing tengen menika tokoh protagonist lan wonten ing kiwa menika tokoh antagonis. Wayang sabetan inggih menika wayang ingkang dipunginakaken wonten ing lakon. Wonten ugi wayang setan-setanan lan wayang buta dupak, wayang menika kangge nggambaraken tokoh antagonis utawi watak angkara murka. Padatanipun menawi medhal sepisan banjur dipunpejahi dening satriya wonten ing lakon pewayangan. Kayon menika wonten kalih, kayon lanang lan kayon wadon. Bentenipun wonten ing ngandhapipun kayon menika.

SEJARAH ING TEMBANG PANGKUR SERAT WEDHATAMA

Wonten tembang Pangkur ing Serat Wedhatama menika para leluhur jawi sampun marisaken ajaran lan ugi wejangan kagem menungsa ing jaman modern  supados mboten keblinger kaliyan gumebyaring alam donya menika. Serat Wedhatama menika dipundamel wonten ing jaman Surakarta tahun 1850-an utawi jaman nalika Mangkunegara IV taksih kuwasa.
            Cariyosipun pertengahan abad XVIII nalika Mangkunegara IV kuwasa ing tanah Mataram lan Bangsa Landha njajah tanah jawi. Banjur rakyat jawi sami ngawontenaken pemberontakan supados Bangsa Landha minggat saking tanah jawi. Ananging amarga pinteripun Bangsa Landha malah ngedu Pakubuwana II lan Mangkubumi IV supados saged Mataram pecah.
            Sisik melik prekawis menika dereng ketemu ananging Landha ethok-ethok dados panengah saking sedaya prekawis ingkang dipundamel piyambak.       Banjur Landha ngusulaken perjanjian Gianti, isi perjanjian Gianti inggih menika Mataram kapara dados kalih inggih menika Yogjakarta lan Surakarta. Saking perjanjian Gianti Mangku Bumi IV angsal bagianYogjokarta, Pakubuwana II angsal bagian Surakarta, Landha angsal bagian Semarang lan sakiwatengene, Pangeran Samber Nyawa angsal bagian Sragen lan Wonogiri.
            Saking perjanjian Gianti menika ingkang paling dipununtungake inggih menika Landha, merga Semarang lan Sakiwatengene amba sanget. Menika klentunipun pemimpin tanah Jawi ingkang gampil sanget dipunapusi kaliyan Landha kang nggadahi watak ala lan serakah.
            Watekipun tembang Pangkur menika nesu utawa mingkuring angkara amargi polah tingkahipun Landha ingkang ala lan serakah. Inti wosipun tembang Pangkur menika wejangan menawi mulang putra, babagan agama, tiyang sepuh ingkang sepah lan samun, tiyang ingkang aleman, tiyang ingkang mboten purun ngalah, tiyang ingkang ngalingi marang siPingging.

            Tuladhanipun tembang Pangkur Pupuh Kalih kaliyan isinipun :
2.      Jinejer nengWedhatama : wonten ing Wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi :babagan sapa-sapa sing nduwe budi
Mangka nadyan tuwa pikun :sanajan wis tuwa pikun
Yen tan mikani rasa : yen ngomong soal rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun :sepah ora ana rasane (ora ngerti apa-apa)
Samangsane pakumpulan :ana ing pakumpulan

Gonyak-ganyik ngliling semi :malah gawe ngisin-isini

TULADHA LAGU CAMPURSARI LAN MAKNANE

CAPING GUNUNG

Ndek jaman bejuang
Njur kelingan anak lanang
Mbiyen tak openi, ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang
Keturutan sing digadang
Mbiyen ninggal janji
Ning saiki apa lali….
Ning gunung tak cadongi sega jagung
Yen mendung tak silihi caping gunung
Sukur bisa nyawang gunung ndesa dadireja
Mbiyen ora ilang
Nggone tamba lara lapa

           
Isi tembang ing nginggil inggih menika nyariosaken babagan pandongalan pangarepan rakyat Indonesia kagem Negara Indonesia saksampunipun mardika. Wonten ing tembang menika, tembung anak lanang menika paraphrase kagem Negara Indonesia. Sakderengipun mardika rakyat sami ngupayakaken supados Negara Indonesia saged mardikaka dospundi mawon caranipun.
Tembang menika ngemutaken para pemimpin minangka wakil rakyat supados maringi bukti saking janji-janji menika lan ngupayakaken nasib rakyat salajengipun kados pundi.

Kathah sanget pemimpin ingkang supe kaliyan kewajibanipun kangge merjuangaken nasib rakyat lan wigatikaken wigatinipun piyambak.  Tembang menika dipundamel kagem para pemimpin. 

SESERAPAN BABAGAN KARTI BASA

A.    UNGGAH-UNGGUH BASA
1.      Pangertosan Unggah-Ungguh Basa
Unggah-ungguh basa menika pranatan basa miturut lenggahing tata karma utawi sopan santun. Tegesipun sinten kemawon tiyang ingkang kawastanan angertos unggah-ungguh basa, menawi nalikaning gineman utawi srawung dhateng tiyang sanes basanipun kedah arah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah tiyang kalawau tansah dipun tampi.
2.      Bab –Bab Ingkang Gayut Kaliyan Unggah-Ungguh
Salebeting gineman utawi sesabetan kaliyan tiyang sanes kedah tansah ngengeti :
a         Umur/Yuswa
b        Peprenahan
c         Drajat/Pangkat
d        Kasugihan
e         Luhuring Bebuden
f         Keturunan
g        Pitepangan Enggal
3.      Wujuding Undha-Usuk Basa
Wujudipun undha-usuk basa inggih menika :
·         Basa ngoko (tembung ngoko sedaya)
·         Basa ngoko Alus (tembung ngoko kacampur karama/karma inggil)
·         Basa Krama (tembung krama)
·         Basa Krama Alus (tembung karma kacampur karma inggil)
B.     JINISING TEMBUNG
1.      Tembung Lingga
Tegese tembung kang isih wutuh, durung karaketan ing ater-ater, seselan utawa panambang. Tuladhane :
Gludhuk, kaca, meja, kursi, Koran, lsp
2.      Tembung Camboran
Tegese tembung kang dumadine saka pamoring tembung loro kang tegese digerba dadi siji. Tembung camboran ana loro :
a         Camboran Tugel : dubang (idu abang), lunglit (balung kulit), dhegus (gedhe bagus).
b        Camboran Wutuh , anan loro :
·         Camboran Tunggal tegese tembung kang dicambor nduweni teges anyar. Tuladha : naga lan sari, dadi nagasari, gantung lan siwur dadi gantung siwur.
·         Camboran Udhar tegese tembung-tembunge isih madeg dhewe-dhewe lan tegese dudung luluh. Tuladhane : pages wesi, tukang sepatu, gula tebu, lsp.
3.      Tembung Rangkep
Tegese tembung sing dirangkep/dibaleni/ kata ulang, wujude ana telu :
a         Tembung Dwilingga : dumadine sarana ngrangker linggane
b        Tembung Dwipurwa : tembung lingga kanthingrangkep wandane wiwitan. Tuladha : lima dadi lilima, lara dadi lelara, lsp.
c         Tembung Dwiwasana : tembung lingga kanthi ngrangkep wanda kang pungkasan/ purwa. Tuladhane : cekak dadi cekakak, cekik dadi cekikik, lsp.
4.      Tembung Andhahan
Tegese tembung kang wis ngalami owah-owahan saraa antuk ater-ater, seselan lan panambang.
C.     GUGON TUHON
Gugon tegese sipat utawa wewatakan kang gampang banget nggugune marang guneman wong utawa dedongengan. Tuhon tegese wewatakan kang gampang tuhu utawa mutuhu marang guneme wong utawa dedongengan. Gugon tuhon tegese :
·         Tembung watak kang maknane wewatakan kang gampang nggugu lan mituhu marang guneman utawa dedongengan kang pancene mono perlu digugu utawa pinituhu.
·         Tembung aran kang maknane gunem utawa dedongengan kang dening wong-wong sing gugon tuhonan dianggep nduweni daya, menawa nganti ora digugu lan ora katindakan wong-wong sing ora nggugu uripe bakal nandhang kepenak.
Gugon tuhon bisa digolongake dadi 3. Yaiku :
1.      Gugon Tuho Kang Salugu. Kang kalebu gugon tuhon kang salugu yaiy bocah lan wong kang manut dedongengan dadi memangane Bathara Kala, kalebu golongane bocah sukerta lan wong kang kalebu panganyam-anyam. Tuladhane :
·         Ontang-anting : bocah lanang siji
·         Unting-unting : anak wadon siji
·         Kendhana-kendhini : anak loro lanang wadon
·         Pancagati lan Pandhawa , lsp.
2.      Gugon Tuhon Kang Isi Wasita Sinandi. Yaiku pitutur kang sinamun, ora dilairake acanti melok utawa ora dikandakake ing salugune. Uga bisa diarani aradan. Biyasane ana tembung “Ora Ilok lan Ora Apik”. Tuladhane :
·         Aja kekudung kukusan, mundak dicaplok baya, tur ora ilok
·         Jendela menga
·         Kasur tanpa pramada
·         Sumur ing ngajengan
3.      Gugon tuhon kang kalebu wewaler utawi pepali
·         Wong-wong ing Banyumas ora kena lelungan ana ing dina Setu Paing

·         Wong-wong ing daerah Kendal ora kena gawe omah gedhong 

PITUTUR LUHUR

Pitutur luhur kang kindhut ana kabudayan kuwi antaraning ing ngisor iki.
·         Ambeg, andil paramarata, mamayu hayuning bawana
·         Laku hambeging kisma
·         Laku hambeging tirta
·         Laku hambeging dahana
·         Laku hambeging samirana
·         Laku hambeging samodra
·         Laku hambeging surya
·         Laku hambeging candra
·         Laku hambeging kartika
·         Tats titis tatag tutug
·         Gemi ngastiti ati-ati
·         Gotong royong gugur gunung
·         Mikul dhukul mendhem jero

Miturut Siti Hardiyanti (1991) bab-bab kang magepokan klawan pangitutur luhur kang sumbere saka budaya jawa, yaiku :
·         Kudu anggon wektu
·         Tumindak aja nganti getun mburine
·         Gawe rusak ora becik, dene gawe rusaking mungsuh dudu barang kang aneh
·         Sapa sing arep menange dhewe, kuwi nemahi cilaka
·         Sapa sing gelem mbuwang ilmu karang bakal nemoni kebecikan
·         Sing sapa gawe resiking liyan, kuwi uga arep nemahi cilaka
·         Sing sapa seneng udur, kuwi bakal kena bebendu dening Pangeran
·         Sapa sing seneng gawe nelangsaning liyan, iku ing tembe bakal kena piwelas saka penggaweyane dhewe
·         Sira kudu mutuhu marang pitutur kang bener
·         Lamun sira seneng dialem wae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga
·         Muring-muring kuwi dalane entuk pepeteng, mula sapa sing seneng muring bakal antuk pepadhangangrembuge kang perlu kawala
·         Golek kanca sing padha tujuane
·         Ajagawe seriking liyan
·         Aja golek mungsuh
·         Aja wani marang leluhur, jalaran leluhur kagolong bathara
·         Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwis
·         Aja kaget lan gumun samubarang gleaning donyan
·         Aja nguber hawa nepsu mundhak sengsara uripe
·         Aja dumeh
·         Siya
·         Aja ngece wong ora nduwe
·         Aja gegedhen rumangsa
·         Aja kumalungkung
·         Aja kamingsun
·         Aja dhemen cidra
·         Aja munasika kawan
·         Aja gumedhe
·         Aja tumindak rusuh
·         Aja ngrusak pager ayu
·         Aja drengki
·         Aja keminter
·         Aja kareman
·         Aja ambeg siya
·         Aja gegedhen rumangsa
·         Aja nggege mangsa
·         Aja nampik rejeki

·         Aja dawa tangan  lan liya-liyane.